TRADHISI ANDUM BERKAH BOLU RAHAYU ING KABUPATEN MAGETAN

Handita Puspitasari, Afrinka (2018) TRADHISI ANDUM BERKAH BOLU RAHAYU ING KABUPATEN MAGETAN. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
SKRIPSI FULL.pdf

Download (2MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken asal-usul tradhisi Andum Berkah Bolu Rahayu, prosesi saha lampahing tradhisi Andum Berkah Bolu Rahayu, makna simbolik ing tradhisi Andum Berkah Bolu Rahayu, saha paedah saking tradhisi Andum Berkah Bolu Rahayu ing kabupaten Magetan. Panaliten menika migunakaken metode panaliten kualitatif. Caranipun ngempalaken data ing panaliten menika migunakaken observasi berperan serta, wawancara mendalam, saha dokumentasi. Piranti wonten salebeting panaliten menika migunakaken buku kangge nyerat, kamera, piranti perekam, saha handycamp. Caranipun analisis data ingkang dipunginakaken inggih menika teknik analisis data induktif. Caranipun ngesahaken data salebeting panaliten menika migunakaken teknik triangulasi sumber saha triangulasi metode, dipuntindakaken kanthi cara nandhingaken data asiling panaliten kalihan data asiling wawancara . Asiling panaliten menika nedahaken bilih: (1) Asal-usul tradhisi Andum Berkah Bolu Rahayu ing kabupaten Magetan dipunwiwiti taun 2002 saking pamanggih para seniman, budayawan, tokoh agami, pemerentah, saha masarakat kabupaten Magetan ingkang gadhah ancas manggihaken tradhisi jawa ing masarakat menika saged rembaka malih kanthi tata cara ingkang langkung narik kawigatosan supados masarakat antusias anggenipun nyengkuyung tradhisi menika. (2) Prosesi saha lampahing tradhisi Andum Berkah Bolu Rahayu dipunwiwiti saking (a) pagelaran seni ledhug, (b) malem tirakatan, (c) mecah kendhi pertola, (d) kirab nayaka praja, (e) pasugatan seni, (f) andum berkah bolu rahayu. (3) Makna simbolik saking ubarampe saha sesajen ingkang dipunsamektakaken wonten tradhisi Andum Berkah Bolu rahayu menika gadhah ancas kangge nyuwun karahayon marang Gusti. (4) Paedah saking tradhisi Andum Berkah Bolu Rahayu ing kabupaten Magetan inggih menika, (a) paedah sosial, (b) paedah ekonomi, (c) paedah pariwisata, saha (d) paedah kabudayan. Pamijining tembung: Tradhisi. Andum Berkah Bolu Rahayu, Magetan.

Item Type: Thesis (S1)
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Budaya Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Galang Prastowo
Date Deposited: 02 Oct 2020 00:40
Last Modified: 02 Oct 2020 00:50
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69109

Actions (login required)

View Item View Item