ANALISIS KALEPATAN FONOLOGIS ING MEME BASA JAWI

Pertiwi, Wiwik (2020) ANALISIS KALEPATAN FONOLOGIS ING MEME BASA JAWI. S1 thesis, Fakultas Bahasa dan Seni.

[img]
Preview
Text
Skripsi Wiwik Pertiwi.pdf

Download (3MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika katindakaken kanthi tigang ancas. Ancasing panaliten menika, (1) ngandharaken jinis kalepatan fonologis ing Meme Basa Jawi; (2) ngandharaken fonem ingkang lepat panyeratipun ing Meme Basa Jawi; (3) ngandharaken mapanipun fonem ingkang lepat ing Meme Basa Jawi. Jinising panaliten menika ngginakaken metode deskriptif. Data ing panaliten menika wujudipun tembung saking wacana meme basa Jawi ingkang ngewrat kalepatan fonologis. Data panaliten menika kapendhet kanthi ngundhuh wacana meme basa Jawi saking internet. Meme menika kapendhet namung saperangan, inggih menika saking periode gangsal taun kepungkur dumugi samenika. Pirantining panaliten menika panaliti piyambak (human instrument). Teknik analisis data ing panaliten menika kanthi maos wacana meme basa Jawi, nemtokaken fonem ingkang lepat, saha nyerat ing kartu data. Saking teknik kalawau, lajeng dipunpantha-pantha miturut jinis kalepatan, fonem ingkang lepat, saha mapaning fonem ingkang lepat. Keabsahan data katetepaken kanthi validitas saha reliabilitas. Validitas data ngginakaken teknik triangulasi teori. Reliabilitas data katetepaken kanthi pengamatan saha kajian ingkang wongsal-wangsul. Asiling panaliten nedahaken bilih kalepatan fonologis ing meme basa Jawi gayut kaliyan fonem vokal, fonem konsonan, saha fonem semi vokal. Jinis kalepatan fonologis ing panaliten menika tambahing fonem, ical utawi sudaning fonem, saha ewahing fonem. Kalepatan fonologis ing meme basa Jawi tambahing fonem. Wujud tambahing fonem inggih menika fonem /k/ ing pungkasan wanda sapisan saha pungkasan tembung, fonem /ə/ ing pungkasan wanda sapisan, fonem /m/ ing pungkasan wanda sapisan, saha wiwitan tembung. Kalepatan fonologis ical utawi sudaning fonem wujudipun fonem /w/ ing wiwitan wanda kaping kalih, fonem /y/ ing wiwitan wanda kaping tiga. Kalepatan fonologis ewahing fonem mawarni-warni, ngandhap menika kaandharaken kanthi jangkep. Ewahing fonem /ṭ/ dipunserat t ing wiwitan tembung saha wiwitan wanda kaping kalih. Ewahing fonem /ḍ/ dipunserat d ing wiwitan tembung saha wiwitan wanda kaping kalih. Ewahing fonem /d/ dipunserat dh ing wiwitan wanda kaping kalih. Ewahing fonem /ɔ/ dipunserat o ing wiwitan tembung, pungkasan wanda sapisan, tengah wanda sapisan, pungkasan wanda kaping kalih, wiwitan wanda kaping tiga, pungkasan wanda kaping tiga, saha pungkasan tembung. Ewahing fonem /a/ dipunserat /k/ ing pungkasan wanda kaping kalih. Ewahing fonem /a/ dipunserat o ing wiwitan tembung saha pungkasan wanda kaping kalih. Ewahing fonem /i/ dipunserat e ing tengah wanda kaping kalih saha tengah tembung. Ewahing fonem /e/ dipunserat a ing tengah tembung. Ewahing fonem /o/ dipunserat u ing pungkasan wanda sapisan. Ewahing fonem /u/ dipunserat o ing tengah tembung. Ewahing fonem /s/ dipunserat sy ing wiwitaning tembung. Kata kunci : meme basa Jawi, kalepatan fonologis

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: meme basa Jawi, kalepatan fonologis
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Filologi Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 29 Dec 2020 07:02
Last Modified: 29 Dec 2020 07:02
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69292

Actions (login required)

View Item View Item