KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ PIWULANG MORAL ING PASRAWUNGANWONTÊN TEKS SÊRAT WASITÅDARMÅ

Uci Wulandari, Indah (2018) KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ PIWULANG MORAL ING PASRAWUNGANWONTÊN TEKS SÊRAT WASITÅDARMÅ. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
E-Journal.pdf

Download (554kB) | Preview

Abstract

Panalitѐn mênikå ngêwrat ênêm ancas panalitèn. Ancasing panalitèn mênikå kanggé: (1) ngandharakên asiling inventarisasi naskah SWD, (2) ngandharakên deskripsi naskah Sêrat Wasitådarmå(SWD), (3) ndamêl transkripsiteks SWD, (4) ndamêl transliterasi såhå suntingan teksSWD, (5) ndamêl terjemahan teksSWD sartå (6) ngandharakên piwulang moral ing pasrawungan wontên teks SWD. Panalitèn mênikå ngginakakên metode panalitèn filologi såhå metode panalitèn deskriptif. Sumber panalitèn mênikå inggih naskah såhå teks SWDkoleksi Perpustakaan Museum Dewantara Kirti Griya Tamansiswa. Caranipun ngêmpalakên data ing panalitèn mênikå ngginakakên lampahing panalitèn filologi, inggih mênikå inventarisasi naskah, deskripsi naskah, transkripsi, transliterasi, suntingan, terjemahan teks, såhå analisis isining teks. Analisisdata ngginakakên teknikanalisisdeskriptif. Validitas ingkang dipunginakakên, inggih mênikå validitassemantik. Reliabilitas ingkang dipunginakakên, inggih mênikå reliabilitasintrarater såhå interrater.Asiling panalitèn mênikå ngandharakên ênêm bab. Sapisan,naskah SWD dipunpanggihakên wontên kalih eksemplar, satunggal eksemplar dipunginakakên minångkå sumber panalitèn. Wondéné kapanggihakên tigang eksempar malih ingkangsajinis nanging botên dipunginakakên ing panalitèn mênikå amargi isinipun botên jumbuh kaliyan ancasing panalitèn.Kapindho kawontênaning naskahSWD sampun radi risak, nanging sêratanipun taksih sagêd kawaos. Katigå, transkripsi naskah SWD ngginakakên metode transkripsi diplomatik dipungarap kanthi nyêrat malih sêrataningteks SWD ngginakakên aksårå ingkang sami.Kaping sakawan transliterasi naskahSWD dipungarap kanthi ngéwahi sêratan aksårå Jåwå dhatêng aksårå Latin. Suntinganteks ngginakakên metodesuntinganteksedisistandar, wondéné sadåyå éwah-éwahan ing suntinganteks kaandharakên ing aparatkritik. Gangsal, terjemahanteks dipungarap kanthi nggantos basaning teks, inggih saking båså Jawi dados båså Indonesia ngginakakên metodeterjemahan harfiah, terjemahan isi, såhå terjemahan bebas ingkang dipungarap kanthi kontekstual. Kaping ênêm, asiling ngrêmbag isining teksSWD.Piwulang moral ing pasrawungan ingkang dipunpanggihakên dipun-kategorisasi dados warni kalih inggih mênikå tumindak ingkang kêdah dipuntindakakên kaliyan tumindak ingkang kêdah dipunsingkiri déning manungså ing pasrawungan.

Item Type: Thesis (S1)
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Filologi Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Galang Prastowo
Date Deposited: 05 Oct 2020 06:04
Last Modified: 05 Oct 2020 06:04
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69176

Actions (login required)

View Item View Item