KAJIAN FILOLOGI SÅHÅPIWULANG GÊSANG WONTÊN ING TEKS SÊRAT PRAMÅNÅSIDHI

Suanti, Heni (2018) KAJIAN FILOLOGI SÅHÅPIWULANG GÊSANG WONTÊN ING TEKS SÊRAT PRAMÅNÅSIDHI. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
ejurnal.pdf

Download (646kB) | Preview

Abstract

Ancasipun panalitèn mênikå kanggé: (1) ngandharakên naskah deskripsiSêrat Pramånåsidhi, (2) ndamêl alih tulis teks Sêrat Pramånåsidhi (3) ndamêl suntingan teks Sêrat Pramånåsidhi (4) ndamêl terjemahan teks Sêrat Pramånåsidhi sartå (5)ngandharakên piwulang gêsang wontên ing Sêrat Pramånåsidhi.Panalitèn mênikå ngginakakên metode panalitèn filologi såhå metode panalitèn deskriptif. Asiling panalitèn mênikå ngandharakên gangsal bab. Kaping pisan, inggih mênikå deskripsi naskah såhå Sêrat Pramånåsidhi taksih saésåhå wêtah.Kaping kalih inggih mênikå alih tulis teks Sêrat Pramånåsidhidipungarap kanthi metode transliterasi standar såhåtranskripsi diplomatik.Kaping tigå ndamêl suntingan teks dipunpanggihakên tigå têmbung inggih mênikå jasad, kitab såhå gaib. Asiling suntinganteks kaandharakên wontên ing aparat kritik. Kaping sakawan, ndamêl terjemahan teks dipungarap kanthi metode harafiah, isi såhå terjemahan bebas. Sadåyå metodeterjemahan kasêbut dipunginakakên kanthi kajumbuhakên kaliyan kontek-ipun. Têmbung ingkang awrat dipunalih-basakakên lajêng kaandharakên wontên ing cathêtan terjemahan. Wondéné kaping gangsal asiling piwulang gêsang wontên ing teks Sêrat Pramånåsidhi dipunpanggihakên kalih wêlas piwulang, inggih mênikå (1) Puruhitå ngèlmi kasampurnan saking agami Islam, (2) Ngurmati Råjå Pandhitå, (3) Prayoginipun tiyang gêsang wuningå dhatêng Pangéran Gusti piyambak, (4) Pêjah napsunipun manungså, (5) Pikajêngipun sampurnaning manungså, (6) Pralambang tiyang gêsang, (7) Pitados manawi Gusti Ingkang Murbèng Dumadi, (8) Dununganipun Gusti ing dhiri pribadhi, (9) Pralambang nêpsu manungså, (10) Wêjangan dumugi pêjah, (11) Tiyang gêsang pitados manawi rågå manungså wontên sakawan sêsêbutan (12) Tiyang Gêsang prikså manawi Gusti inggih mênikå Pangéran jati.

Item Type: Thesis (S1)
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Filologi Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Galang Prastowo
Date Deposited: 05 Oct 2020 05:39
Last Modified: 05 Oct 2020 05:39
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69171

Actions (login required)

View Item View Item