TINDAK TUTUR DEKLARATIF WONTEN ING NOVEL “KUMPULE BALUNG PISAH” ANGGITANIPUN ACHMAD SAEROZI A. M

Maharani, Daiva Moktika (2020) TINDAK TUTUR DEKLARATIF WONTEN ING NOVEL “KUMPULE BALUNG PISAH” ANGGITANIPUN ACHMAD SAEROZI A. M. S1 thesis, Fakultas Bahasa dan Seni.

[img]
Preview
Text
Skripsi Daiva Moktika.pdf

Download (1MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika katindakaken kanthi ancas kangge ngandharaken bab tindak tutur deklaratif wonten ing novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad Saerozi A. M. Perkawis ingkang dipunadharaken ing panaliten inggih menika 1) jinis tindak tutur deklaratif, 2) titikan tindak tutur deklaratif, saha 3) fungsi tindak tutur deklaratif wonten ing Novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad Saerozi A. M. Panaliten menika kalebet ing jinis panaliten deskriptif. Data wonten ing panaliten menika wujudipun tembung, frasa, klausa saha ukara ing salebeting Novel Kumpule Balung Pisah ingkang ngemot tindak tutur deklaratif. Sumber data ingkang dipunginakaken inggih menika Novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad saerozi A. M. Caranipun ngempalaken data ing panaliten menika kanthi teknik maos-nyathet. Data dipunanalisis kanthi analisis deskreptif. Validitas ingkang dipunginakaken inggih menika validitas pertimbangan ahli, validitas semantik saha validitas triangulasi teori, dene kangge manggihaken reliabilitas data ngginakaken reliabilitas intrarater. Asiling panaliten ngandharaken bilih jinis tindak tutur deklaratif wonten ing Novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad saerozi A. M wujudipun inggih menika tindak tutur langsung literal, tindak tutur langsung tidak literal saha tindak tutur tidak langsung tidak literal . Wujud titikan tindak tutur deklaratif wonten ing Novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad saerozi A. M inggih menika awujud titikan tembung kriya, frasa bertingkat, nomina, adjetiva, klausa bebas, terikat saha ukara cariyos, ptakenan, pakon. Fungsi tindak tutur deklaratif wonten ing Novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad saerozi A. M inggih menika kangge ngandharaken tumindak paring nama, paring ukuman, nunjuk, mutusaken, nemtokaken, melarang, nolak, paring idi, paring pangapura saha boten sarujuk. Tindak tutur deklaratif langsung literal fungsinipun kangge ngandharaken tumindak sarujuk, boten sarujuk, mutusaken, paring idi, melarang, nemtokaken, nunjuk, paring pangapura saha paring na ma. Tindak tutur deklaratif tidak langsung literal fungsinipun kangge ngandharaken tumindak boten sarujuk, nunjuk, mutusaken, nemtokaken, paring ukuman, paring idi saha melarang. Lajeng tindak tutur deklaratif tidak langsung literal fungsinipun kangge ngandharaken tumindak melarang saha boten sarujuk.

Item Type: Thesis (S1)
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Sastra Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 29 Dec 2020 06:15
Last Modified: 29 Dec 2020 06:15
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69307

Actions (login required)

View Item View Item