KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ NILAI-NILAI ETIKA GAYUTIPUN MANUNGSÅ KALIHAN GUSTI WONTEN ING SÊRAT JARWÅRÅSÅ

Gumilar, Bintang (2019) KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ NILAI-NILAI ETIKA GAYUTIPUN MANUNGSÅ KALIHAN GUSTI WONTEN ING SÊRAT JARWÅRÅSÅ. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

This is the latest version of this item.

[img]
Preview
Text
SKRIPSI BINTANG GUMILAR 15205241057.pdf - Published Version

Download (13MB) | Preview

Abstract

Ancasing panalitèn mênikå kanggé: 1) ngandharakên deskripsi naskah Sêrat Jarwåråså, 2) ndamêl alih tulis teks Sêrat Jarwåråså, 3) ndamêl suntingan teks Sêrat Jarwåråså, 4) ndamêl terjemahan teks Sêrat Jarwåråså, såhå 5) ngandharakên nilai-nilai etika gayutipun manungså kalihan Gusti wontên ing Sêrat Jarwåråså. Panalitèn mênikå ngginakakên metode panalitèn filologi modern såhå metode panalitèn deskriptif. Metode filologi modern dipunginakakên kanggé nggarap naskah SJ ingkang kasêrat carik mawi aksårå Jåwå. Wondéné metode deskriptif dipunginakakên kanggé nggambarakên naskah Sêrat Jarwåråså. sumber data panalitèn mêikå inggih naskah Sêrat Jarwåråså koleksi Museum Sonobudoyo Yogyakarta. Teknik ngêmpalakên data wontên panalitèn mênikå ngginakakên lampahing panalitèn filologi, inggih mênikå inventarisasi naskah, deskripsi naskah, alih tulis teks, suntingan teks, terjemahan teks, såhå analisis isining teks. analisis data ngginakakên teknik analisis deskriptif. Validitas ingkang dipunginakakên inggih mênikå validitas semantik. Reliabilitas ingkang dipunginakakên inggih mênikå reliabilitas intrarater såhå reliabilitas interrater. Asiling panalitèn mênikå ngandharakên ênêm bab. Sapisan, kapanggihakên satunggal eksemplar naskah Sêrat Jarwåråså, ingkang kasimpên wontên Museum Sonobudoyo Yogyakarta. Kalih, kawontênan (deskripsi) naskah Sêrat Jarwåråså taksih saé såhå sêratanipun taksih sagêd kawaos. Tigå, alih tulis teks ingkang kadamêl wontên wêrni kalih inggih mênikå transkripsi såhå transliterasi. Sakawan, asiling têmbung-têmbung ingkang dipun-sunting wontên 13 têmbung. Gangsal, terjemahan teks dipungarap kanthi ngginakakên metode terjemahan harfiah, terjemahan isi, såhå terjemahan bebas. Sadåyå metode terjemahan kasêbut dipungarap kanthi kontekstual. Ênêm, isining teks Sêrat Jarwåråså ingkang gayut kalihan nilai-nilai etika manungså kalihan Gusti ingkang kapanggihakên wontên sakawan, inggih mênikå (1) éling, (2) waspådå, (3) pitados, såhå (4) mituhu.

Item Type: Thesis (S1)
Subjects: Filsafat. Psikologi. Agama > Filsafat
Bahasa dan Sastra > Bahasa Daerah
Filsafat. Psikologi. Agama > Etika
Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Filologi Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Bintang Gumilar
Date Deposited: 01 Dec 2022 01:13
Last Modified: 01 Dec 2022 01:13
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/74705

Available Versions of this Item

  • KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ NILAI-NILAI ETIKA GAYUTIPUN MANUNGSÅ KALIHAN GUSTI WONTEN ING SÊRAT JARWÅRÅSÅ. (deposited 01 Dec 2022 01:13) [Currently Displayed]

Actions (login required)

View Item View Item