Damel E-learning Kangge Nambah Nguwaosi Basa Jawi Krama.

Widiastuti, Leni and Suwarna, Suwarna (2020) Damel E-learning Kangge Nambah Nguwaosi Basa Jawi Krama. S2 thesis, Program Pascasarjana.

[img]
Preview
Text
tesis-leni widiastuti-16714251002.pdf

Download (3MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika: (1) damel medhia e-learning kangge pasinaon basa Jawi krama; (2) mangertos kelayakan medhia e-learning miturut ahli materi; (3) mangertos kelayakan medhia e-learning miturut ahli medhia; (4) mangertos kelayakan medhia e-learning miturut guru saha siswa. Panaliten menika kalebet jinis panaliten R&D (Research and Development). Prosedur damel medhia e-learning kanthi analisis, damel design, damel produk, implementasi, saha evaluasi. Analisis menika katindakaken kangge nemtokaken medhia pasinaon ingkang badhe dipundamel. Damel desain kangge ngrantam medhia pasinaon e-learning basa Jawi krama. Medhia e-learning basa Jawi krama ingkang dipundamel dipunvalidasi dening validator materi saha validator medhia supados pikantuk pamrayogi layak dipunuji coba. Salajengipun katindakaken uji coba produk kelompok alit cacahipun sedasa siswa. Lajeng uji coba pemakaian produk dening kelompok ageng cacahipun tigang dasa siswa, kangge mangertos layakipun medhia ingkang dipundamel. Dhata dipunanalisis saha dipunkaji kanthi deskriptif supados mangertos kelayakan medhia e-learning basa Jawi krama. Adhedhasar asiling panaliten, validasi dhateng kelayakan medhia e-learning basa Jawi krama saking ahli materi ngasilaken persentase 94% kategori sae sanget. Ahli medhia paring biji kelayakan 86% kalebet kategori sae sanget. Asiling evaluasi saking guru basa Jawi pikantuk 88% kalabet kategori sae sanget. Evaluasi saking sekawan aspek dening siswa ngasilaken persentase 92% kategori sae sanget. Kanthi asil persentase menika, saged dipundudut bilih medhia e-learning basa Jawi krama ingkang dipundamel saged dipunginakaken kangge pasinaon siswa saha saged nambah nguwaosi basa Jawi krama.

Item Type: Thesis (S2)
Uncontrolled Keywords: Pamijining Tembung: damel e-learning, nguwaosi basa Jawi krama
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Pendidikan Jawa
Divisions: Sekolah Pascasarjana (SPS) > Program Pascasarjana > Pendidikan Bahasa Jawa
Depositing User: Perpustakaan Pascasarjana
Date Deposited: 04 May 2021 06:24
Last Modified: 04 May 2021 06:24
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/70560

Actions (login required)

View Item View Item