TRADHISI RUWATAN AGUNG TUMAPAKING LAKU SUCI WONTEN ING GUNUNG LANANG DHUSUN BAYEMAN DESA SINDUTAN KECAMATAN TEMON KABUPATEN KULON PROGO

Windiyarti, Wike (2020) TRADHISI RUWATAN AGUNG TUMAPAKING LAKU SUCI WONTEN ING GUNUNG LANANG DHUSUN BAYEMAN DESA SINDUTAN KECAMATAN TEMON KABUPATEN KULON PROGO. S1 thesis, Fakultas Bahasa dan Seni.

[img]
Preview
Text
Skripsi Wike Windiyarti.pdf

Download (2MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken asal-usul wontenipun Tradhisi Ruwatan Agung Tumapaking Laku Suci, prosesi lampahing Tradhisi Ruwatan Agung Tumapaking Laku Suci Wonten ing Gunung Lanang Dhusun Bayeman Desa Sindutan Kecamatan Temon Kabupaten Kulon Progo, Fungsi Spiritual Ruwatan Kagem Masarakat Panyekuyung, saha Paedah Tradhisi Ruwatan ingkang kaandhut wonten ing Ruwatan Agung Tumapaking Laku Suci Wonteng ing Gunung Lanang Dhusun Bayeman Desa Sindutan Kecamatan Temon Kabupaten Kulon Progo. Panaliten menika migunakaken metode panaliten kualitatif. Caranipun ngempalaken data ing salebeting panaliten menika migunakaken pengamatan langsung utawi observasi saha wawan rembag utawi wawancara. Pirantining panaliten inggih menika panaliti piyambak ingkang kabiyantu mawi piranti perekam, kamera foto saha piranti kangge nyerat. Caranipun nganalisis data ingkang dipunginakaken inggih menika teknik analisis induktif. Caranipun ngesahaken data lumantar triangulasi sumber lan metode. Asiling panaliten menika nedahaken bilih: (1) Tradhisi Ruwatan Agung Tumapaking Laku Suci menika dipunadani wonten ing Gunung Lanang Dhusun Bayeman, Kecamatan Temon, Kabupaten Kulon Progo. Tradhisi menika dipunadani saben malem 1 Suro. Papan menika saged paring berkah utawi wangsit. Papan menika dados papan semedi saha pados berkah. Upacara-upacara lan ritual adat menika asring dipunadani wonten ing papan menika. (2) Saderengipun nindakaken ritual menika, peserta utawi masarakat kedah nyuceaken dhiri migunaaken toya saking Tirto Kencono, amargi toya menika dipunpitadosi saged nambani lelara. Salajengipun nindakaken persiapan batin ing Sasana Jiwo kanthi donga supados dipunlindungi wektu nindakaken ritual menika. Salajengipun, peserta nindaaken semedi wonten ing Sasana Sukma. (3) Sesaji ingkang dipuncawisaken nalika Ruwatan inggih menika ingkung, sekar roncean, tumpeng robyong pethak kaliyan kuning, wowohan, ndhas maesa, lan arta logam. (4) Fungsi spiritual ruwatan kagem masarakat panyengkuyung kawontenan 2 inggih menika fungsi hiburan kaliyan wisata. (5) Paedah ingkang kaandhut wonten ing Tradhisi Ruwatan Agung Tumapaking Laku Suci inggih menika paedah spiritual kaliyan paedah sosial. Pamijining Tembung: Tradhisi, Ruwatan, Gunung Lanang.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: Tradhisi, Ruwatan, Gunung Lanang
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Budaya Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 29 Dec 2020 06:31
Last Modified: 29 Dec 2020 06:31
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69313

Actions (login required)

View Item View Item