KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ PANGRÊMBAG BAB PANGGULAWÊNTHAHING LARÉ WONTÊN ING SÊRAT BANGUNNAKNIK

Munika, Ani (2020) KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ PANGRÊMBAG BAB PANGGULAWÊNTHAHING LARÉ WONTÊN ING SÊRAT BANGUNNAKNIK. S1 thesis, Fakultas Bahasa dan Seni.

[img]
Preview
Text
Skripsi Ani Munika.pdf

Download (82MB) | Preview

Abstract

Panalitèn mênikå ngêwrat gangsal ancas, inggih mênikå kanggé: 1) ngandharakên deskripsi naskah Sêrat Bangun-Naknik, 2) ndamêl alih tulis teks Sêrat Bangun-Naknik, 3) ndamêl suntingan teks Sêrat Bangun-Naknik, 4) ndamêl terjemahan teks Sêrat Bangun-Naknik, 5) ngandharakên pangrêmbag bab panggulawênthahing laré wontên ing Sêrat Bangun-Naknik. Metode ingkang dipunginakakên wontên ing panalitèn mênikå wontên tigå. Ingkang sapisan inggih mênikå metode panalitèn filologi modern, kaginakakên kanggé nggarap naskah Sêrat Bangun-Naknik ingkang kasêrat cithak mawi aksårå Jåwå. Metode panalitèn ingkang kaping kalih inggih mênikå metode deskriptif, kaginakakên kanggé nggambarakên kawontênanipun naskah Sêrat Bangun-Naknik. Wondéné ingkang kaping tigå ngginakakên metode analisis isi (content analysis) kanggé ngrêmbag isinipun teks Sêrat Bangun-Naknik. Sumbêr data panalitèn mênikå inggih naskah Bangun-Naknik koleksi Perpustakaan Dewantara Kirti Griya Taman Siswa Yogyakarta kanthi kode koleksi 1732. Teknik ngêmpalakên data wontên ing panalitèn mênikå ngginakakên lampahing panalitèn filologi inggih mênikå inventarisasi naskah, deskripsi naskah, alih tulis teks, suntingan teks, terjemahan teks, såhå analisis isining teks. Analisis data ngginakakên teknik analisis isi (content analysis). Validitas ingkang dipunginakakên inggih mênikå validitas semantik. Reliabilitas ingkang kaginakakên inggih mênikå reliabilitas intrarater såhå reliabilitas interrater. Asiling panalitèn saking Sêrat Bangun-Naknik inggih mênikå wontên gangsal. Ingkang sêpisan inggih mênikå kawontênaning naskah ingkang taksih saé såhå sagêd kawaos, namung wontên sapérangan naskah ingkang suwék. Kaping kalih, alih tulis teks kapanggihakên sêratan ingkang lêpat, inggih mênikå aksårå swårå ‘A’ ingkang dipunparingi sandhangan pêpêt såhå cêcak. Tigå, wontên ing suntingan teks kapanggihakên tigang têmbung ingkang dipun-sunting inggih mênikå têmbung layangamu, banju, såhå kukokaké ingkang dipun-sunting dados layanganmu, banjur, såhå tukokaké. Sêkawan, terjemahan teks kapanggihakên sêkawan têmbung ingkang botên dipun-terjemah-akên inggih mênikå sêpasar, sèn, slêpén, såhå tobil. Kaping gangsal inggih mênikå asiling pangrêmbag bab panggulawênthahing laré kanthi nindakakên analisis isi (content analysis) ingkang kapanggihakên ing salêbêting teks Bangun-Naknik wontên 13 inggih mênikå (1) Nepangakên agami (2) Laré dipungladhi adus piyambak supados sagêd mandiri (3) Nginggah kéwan kanggé ngajari laré tanggél jawab (4) Ngajari laré unggah-ungguh (5) Ngginakakên gugon tuhon kanggé paring pitutur kanggé laré (6) Nyariosakén dongéng sadèrèngipun tilêm (7) Paring pitutur (8) Tumindak adil (9) Ndolani laré mawi dolanan tradisional (10) Maringi kêsênêngan laré supados botên nangis (11) Mênging laré kanthi ngandharakên bab ingkang dipunlarang supados botên nindakakên larangan kasêbut (12) Ngrimat laré ing padintênan (13) Nyêkolahakên laré.

Item Type: Thesis (S1)
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Filologi Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 29 Dec 2020 06:28
Last Modified: 29 Dec 2020 06:28
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69311

Actions (login required)

View Item View Item