MAKNA SIMBOLIK UBARAMPE WONTEN UPACARA TRADHISI WETON TIRON ING DESA BUMIREJO KULON PROGO

Karesa, Muh (2020) MAKNA SIMBOLIK UBARAMPE WONTEN UPACARA TRADHISI WETON TIRON ING DESA BUMIREJO KULON PROGO. S1 thesis, Fakultas Bahasa dan Seni.

[img]
Preview
Text
Skripsi Muh Karesa.pdf

Download (4MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken prosesi lampahing upacara weton tiron , makna simbolik sajen ing salebeting upacara bancakan weton sarta paedahipun upacara bancakan weton tumrap warga panyengkuyung. Panaliten menika migunakaken metode panaliten kualitatif. Caranipun ngempalaken data migunakaken observasi partisipasi saha wawancara mendalam. Pirantining panaliten inggih menika panaliti piyambak kanthi ngginakaken kamera foto, perekam saha piranti kangge nyerat. Caranipun nganalisis data ngginakaken teknik analisis induktif. Caranipun ngesahaken data mawi triangulasi sumber lan metode. Asiling panaliten nedahaken bilih: (1) prosesi lampahing upacara weton tiron kaperang dados tiga rerangken: (a) cecawis upacara ingkang awujud nyepakaken wadhah sajen, cecawis sajen ing salebeting upacara bancakan weton. (b) lampahing upacara bancakan weton awujud masrahaken sajen bancakan weton (c) ngedum bancakan. (2) Makna simbolik sajen ingkang dipunginakaken ing salebeting upacara bancakan weton menika kangge mahyakaken raos kurmat dhateng kaki among nini among kaliyan sedulur sekawanipun supados dipunparingi remen anggenipun momong lan nyuwun kaslametan lan kawilujengan saha gampil anggenipun ngupados rejeki ing gesangipun. (3) Paedah upacara bancakan weton tumraping warga panyengkuyung inggih menika (a) paedah religi, (b) paedah psikologis (c) paedah sosial, (d) paedah nglestantunaken kabudayan.

Item Type: Thesis (S1)
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Budaya Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 29 Dec 2020 07:07
Last Modified: 29 Dec 2020 07:07
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69295

Actions (login required)

View Item View Item