TRADHISI SUNGKEMAN WONTEN PATILASAN CEPURI PARANGKUSUMO DESA PARANGTRITIS KECAMATAN KRETEK KABUPATEN BANTUL

Hasanah, Umy (2018) TRADHISI SUNGKEMAN WONTEN PATILASAN CEPURI PARANGKUSUMO DESA PARANGTRITIS KECAMATAN KRETEK KABUPATEN BANTUL. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
RINGKASAN SKRIPSI UMY.pdf

Download (486kB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken mitos saha bula bukanipun tradhisi sungkeman, lampahing prosesi tradhisi sungkeman, sesaji saha makna simbolik-ipun ingkang dipunginakaken wonten ing tradhisi sungkeman, saha paedahipun tradhisi sungkeman tumrap masarakat panyengkuyungipun. Panaliten menika ngginakaken metode panaliten deskriptif kualitatif. Caranipun ngempalaken data ing salebeting panaliten menika ngginakaken observasi berperan serta, wawancara kanthi mendalam, saha dokumentasi. Pirantosipun panaliten inggih menika panaliti piyambak ingkang kabiyantu mawi tape recorder, camera digital, saha pirantos kangge nyerat. Caranipun nganalisis data ingkang dipunginakaken inggih menika teknik analisis induktif. Wondene caranipun ngesahaken data lumantar triangulasi sumber saha metode. Asiling panaliten menika nedahaken bilih: (1) mitos saha mula bukanipun tradhisi sungkeman inggih menika: (a) mitosipun Patilasan Cepuri Parangkusumo inggih menika minangka papan patilasanipun Kanjeng Ratu Kidul saha Panembahan Senopati, saha (b) mula bukanipun tradhisi sungkeman inggih menika masarakat panyengkuyungipun nerasaken tradhisi ingkang sampun dipunadani saking jaman dumadosipun Kraton Mataram dening Panembahan Senopati nalika tapa kepanggih kaliyan Kanjeng Ratu Kidul; (2) lampahing prosesi tradhisi sungkeman kapanggihaken dados gangsal werni inggih menika sungkeman satunggal, sungkeman kalih, sungkeman tiga, sungkeman sakawan, saha sungkeman gangsal; (3) sesaji saha makna simbolik-ipun ingkang dipunginakaken ing salebeting tradhisi sungkeman inggih menika kangge mahyakaken raos sukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos supados masarakat panyengkuyungipun tansah pinaringan berkah kawilujengan, kasarasan, katentreman, saha pinaringan gampil anggenipun ngupadi rejeki ing gesangipun; (4) paedahipun tradhisi sungkeman tumrap masarakat panyengkuyungipun inggih menika: (a) paedah spiritual, (b) paedah ekonomi, (c) paedah sosial, saha (d) paedah kangge nglestantunaken tradhisi. Pamijining tembung: tradhisi sungkeman, Patilasan Cepuri Parangkusumo

Item Type: Thesis (S1)
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Budaya Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Galang Prastowo
Date Deposited: 07 Oct 2020 09:08
Last Modified: 07 Oct 2020 09:08
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69234

Actions (login required)

View Item View Item