KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ PIWULANG ÈSTRI WONTÊN ING SÊRAT SÊSORAHIPUN TIN SASTRǺ WIRYǺ

Nurwidyaningtyas, Tamara (2018) KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ PIWULANG ÈSTRI WONTÊN ING SÊRAT SÊSORAHIPUN TIN SASTRǺ WIRYǺ. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
RINGKESAN TAMARA NURWIDYANINGTYAS.pdf

Download (835kB) | Preview

Abstract

Panalitèn mênikå ngêwrat ênêm ancas panalitèn, inggih mênikå deskripsi naskah SSTSW, transkipsi teks SSTSW, transliterasi teks SSTSW, suntingan teks SSTSW, terjemahan teks SSTSW, såhå ngandharakên isining teks SSTSW. Panalitèn mênikå ngginakakên metode panalitèn deskriptif såhå panalitèn filologi modern. Metode panalitèn deskriptif dipunginakakên kanggé nggambarakên teks SSTSW kanthi objektif. Wondéné, metode panalitèn filologi modern dipunginakakên kanggé naliti naskah SSTSW. Sumber panalitèn mênikå naskah såhå teks SSTSW ingkang kasimpên wontên ing Perpustakaan Rumah Budåyå Têmbi Yogyakarta. Cårå analisis data ngginakakên cårå analisis deskriptif. Validitas ingkang kaginakakên inggih mênikå validitas semantik. Reliabilitas ingkang kaginakakên inggih mênikå intrarater såhå interrater. Asiling panalitèn mênikå ngandharakên ênêm bab inggih mênikå deskripsi naskah SSTSW ingkang taksih saé. Transkripsi teks kanthi metode transkripsi diplomatik, aksårå Jåwå dhatêng aksårå Jåwå kanthi mênåpå wontênipun. Transliterasi teks kanthi metode transliterasi standar, aksårå Jåwå ing aksårå Latin. Suntingan teks edisi standar, kapanggihakên 9 têmbung ingkang dipun-sunting. Terjemahan teks, båså Jawi ing båså Indonesia. Isining teks SSTSW kapanggihakên piwulang èstri, inggih mênikå taat såhå sêtyå, mangrêtos karubèdan garwå, ndamêl rêmên garwå, gêmati, nggulawênthah såhå mulang muruk putrå, nyêkapi kabêtahan griyå, srêgêp, gêmi, sêtiti, såhå ngati-ati.

Item Type: Thesis (S1)
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Filologi Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Galang Prastowo
Date Deposited: 07 Oct 2020 08:56
Last Modified: 07 Oct 2020 08:56
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69231

Actions (login required)

View Item View Item