KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ KAWRUH PANGRUKTINING LAYON WONTÊN TEKS BABUL JINAZATI

Kurwati, Siti (2018) KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ KAWRUH PANGRUKTINING LAYON WONTÊN TEKS BABUL JINAZATI. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
E-JOURNAL - SITI KURWATI - 14205244020.pdf

Download (558kB) | Preview

Abstract

Ancasing panalitèn mênikå inggih wontên pitu. Pitung ancas mênikå inggih (1) ngandharakên inventarisasi naskah BJ, (2) ngandharakên deskripsi naskah såhå teks BJ, (3) ndamêl transkripsi teks BJ, (4) ndamêl transliterasi teks BJ, (5) ndamêl suntingan teks BJ, (6) ndamêl terjemahan teks BJ, såhå (7) ngandharakên kawruh pangruktining layon wontên teks BJ. Metode ingkang dipunginakakên wontên ing panalitèn mênikå inggih metode filologi modern såhå medote deskriptif. Validitas ingkang kaginakakên inggih mênikå validitas semantik. Reliabilitas ingkang dipunginakakên inggih mênikå reliabilitas intrarater såhå interrater. Asilingpanalitèn ingkang katindakakên ngasilakên pitung pérangan. Katamtokakên satunggal eksemplar naskah BJ ingkang dados objek panalitèn, naskah BJ ingkang kasimpên ing Perpustakaan Museum Dewantara Kirti Griya Yogyakarta. Ngandharakên deskripsi naskah såhå teks BJkawontênanipun taksih saé, sêratanipun taksih sagêd dipunwaos kanthi cêthå, såhå gunggungipun kåcå taksih jangkêp. Ndamêl transkripsi teks BJ sêratan tangan saking sêratan kanthi aksårå Jåwå dhatêng aksårå Jåwå. Ndamêl transliterasi teks dipungarap kanthi ngéwahi sêratan kanthi aksårå Jåwå dhatêng aksårå Latin. Asil saking transliterasi inggih mênikå kapanggihakên sangang têmbung ingkang nêdahakên ciri khas-ipun teks BJ. Ndamêl suntingan teks kanthi cårå ngirangi utawi nambahi aksårå, wandå, såhå ukårå ingkang korup, dipunjumbuhakên kaliyan ejaan ingkang limrah såhå konteks-ipun, déné kapanggihakên sadåså têmbung ingkang korup kasêrat ing aparat kritik. Terjemahan teks BJ, kapanggihakên wontên sakawan têmbung ingkang angèl dipun-terjemah-akên. Ngandharakên såhå ngrêmbag ênêmkategori kawruh pangruktining layon wontênteks BJ.

Item Type: Thesis (S1)
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Filologi Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Galang Prastowo
Date Deposited: 07 Oct 2020 08:18
Last Modified: 07 Oct 2020 08:18
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69226

Actions (login required)

View Item View Item