MAKNA SIMBOLIK BATHIK SAJI PACITAN MOTIF PACE SAHA GAYUTIPUN KALIYAN MULA BUKANIPUN KITHA PACITAN

Artha Juwita, Shiane (2018) MAKNA SIMBOLIK BATHIK SAJI PACITAN MOTIF PACE SAHA GAYUTIPUN KALIYAN MULA BUKANIPUN KITHA PACITAN. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
E-JOUNAL SHIANE AJ.pdf

Download (1MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken makna simbolik bathik khas kitha Pacitan motif pace ingkang wonten gayutipun kaliyan mula bukanipun kitha Pacitan, mula bukanipun bathik Saji Pacitan, mula bukanipun kitha Pacitan saha makna simbolik bathik motif pace. Panaliten menika ngginakaken metode panaliten deskriptif kualitatif. Caranipun ngempalaken data ing panaliten menika ngginakaken observasi berperanserta, wawancara mendalam, saha dokumentasi. Pirantos kangge panaliten menika human instrumen. Caranipun analisis data inggih menika ngginakaken teknik analisis data induktif. Cara ngesahaken data wonten panaliten menika ngginakaken teknik triangulasi sumber saha triangulasi metode, ingkang dipuntindakaken kanthi cara nandhingaken data asiling panaliten saha data nalika wawancara. Asiling panaliten menika nedahaken bilih: (1) Mula bukanipun Bathik Saji Pacitan menika saking Bu Saji ingkang sampun mbikak usaha menika saking taun 1990, Bu Saji saged mbathik amargi menika dados usaha kulawarga. Bathik Saji Pacitan sampun misuwur awit saking sampun mengikuti pameran wonten kitha sanes. Tiyang ingkang plesir dhateng kitha Pacitan ugi kathah ingkang pinarak dhateng Bathik Saji. (2) Mula bukanipun kitha Pacitan menika awit saking Tumenggung Setroketipo kaliyan Pangeran Mangkubumi ingkang nisih bibar perang dhateng kitha Pacitan. Nalika sayah Pangeran Mangkubumi nyuwun rucuh pace ingkang dipunasta kaliyan Tumenggung Setroketipo, ingkang salajengipun badanipun Pangeran Mangkubumi seger malih saha saged nerasaken perang, wonten paprangan menika Pangeran Mangkubumi menang. Kangge wujud sukur Pangeran Mangkubumi utawi Sultan Hamengkubuwana I ndadosaken Tumenggung Setroketipo Bupati ing kitha Pacitan, Pacitan menika cekakan saking tembung Pace saha Wetan. (3) Makna simbolik bathik motif pace menika kangge ngemutaken tiyang mliginipun masarakat kitha Pacitan bilih wonten sejarah ing salebeting motif, motif menika dipundamel saking taun 2011 dening Bu Saji. (4) Gayutipun bathik motif pace kaliyan mula bukanipun kitha Pacitan inggih menika saking wontenipun sejarah kitha Pacitan saking woh pace, dipundamel bathik kanthi motif woh pace kangge njagi kabudayan bathik saha sejarah kitha Pacitan. Pamijining tembung : Makna simbolik. Motif Pace. Mula Bukanipun Kitha Pacitan

Item Type: Thesis (S1)
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Budaya Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Galang Prastowo
Date Deposited: 07 Oct 2020 08:01
Last Modified: 07 Oct 2020 08:01
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69224

Actions (login required)

View Item View Item