PIWULANG MORAL WONTEN ING GINEM PAGELARAN RINGGIT PURWA LAMPAHAN PANDHAWA TANDANG DENING KI MANTEB SOEDARSONO

Hari Setiawan, Risang (2018) PIWULANG MORAL WONTEN ING GINEM PAGELARAN RINGGIT PURWA LAMPAHAN PANDHAWA TANDANG DENING KI MANTEB SOEDARSONO. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
jurnal PDF .pdf

Download (512kB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharken piwulang moral ingkang wonten ing salebetipun ginem pagelaran ringgit purwa lampahan Pandhawa Tandang dening Ki Manteb Soedarsono. Wondene perkawis-perkawis ingkang karembag inggih menika (1) wujudipun piwulang moral, (2) cara ngandharaken piwulang moral wonten ing salebetipun ginem pagelaran ringgit purwa lampahan Pandhawa Tandang dening Ki Manteb Soedarsono. Panaliten menika ngginakaken cara panaliten analsis konten utawi analisis isi. Data ingkang kaginakaken menika awujud naskah ginem ingkang utawi wicantenan antawisipun para paraga wonten ing pagelaran ringgit purwa lampahan Pandhawa Tandang. Sumber data wonten ing panaliten menika saking video pagelaran ringgit purwa lampahan Pandhawa Tandang dening Ki Manteb Soedarsono. Cara anggenipun ngempalaken data inggih menika kanthi cara nyemak saha nyathet. Panaliten menika ngginakaken kertu data minangka pirantining panaliten, dene cara anggenipun nganalisis data ingggih menika kanthi cara deskriptif kangge mahyakaken wujud saha cara anggenipun ngandharaken piwulang moral wonten ing ginem pagelaran ringgit purwa lampahan Pandhwa Tandang dening Ki Manteb Soedarsono. Validitas data ingkang dipunginakaken inggih menika validitas semantis, dene Reliabilitas ingkang dipunginakaken inggih menika reliabilitas pengamatan ulang. Wujudipun piwulang moral ingkang saged kapanggihaken wonten ing panaliten menika wonten 23. Inggih menika : Bekti dhateng tiyang sepuh, Njagi kawibawanipun tiyang sepuh, Wajibing tiyang sepuh dhateng putranipun, Tarak brata, laku brata, Kedah emut dhateng purwaduksina, Boten kenging nyendhu dhateng tiyang sepuh, Meguru dhateng lelakon meguru dhateng kawontenan, Sampun remen sesumbar, Sabar, Tresna boten kedah andarbeni, Prihatin, Netepi janji, Sejatining kautaman, Sapa tumemen bakal tinemu, Boten kenging grusa-grusu, Wong sing ngerti lungguh lan wong sing mung waton lungguh, Mikiraken kawula alit, Memayu hayuning jiwa memayu hayuning kulawarga memayu hayuning sasama memayu hayuning bawana, Ngayomi dhateng kawula alit, Boten damel cilakaning tiyang sanes, Mulyakaken tamu, Manembah dhumateng Gusti, Ndedonga dhateng Gusti. Cara manggihaken piwulang moral ingkang kapanggihaken wonten ing pnaliten menika kaperang 2 cara, inggih menika (1) cara langsung (2) boten langsung.

Item Type: Thesis (S1)
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Budaya Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Galang Prastowo
Date Deposited: 07 Oct 2020 07:53
Last Modified: 07 Oct 2020 07:53
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69222

Actions (login required)

View Item View Item