Utami, Rina (2018) KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ PIWULANG ISLAM WONTÊN ING SÊRAT MARGANING GÊSANG. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.
|
Text
E-JURNAL.pdf Download (424kB) | Preview |
Abstract
Ancasing panalitèn mênikå (1) ngandharakên deskripsi naskah, (2) ndamêl transliterasi såhå suntingan teks, (3) ndamêl terjemahan, (4) ngandharakên analisis wosing sêrat. Panalitèn mênikå migunakakên metode panalitèn filologi modern såhå deskriptif. Asiling panalitèn inggih (1) kawontênanipun naskah taksih saé såhå wêtah, sêratanipun taksih cêthå. (2) Teks aksårå Latin, kapanggihkan sekawan aksårå minångkå karakteristik khusus. (3) Teks ingkang sampun rêsik saking teks korup, kapanggihaken 40 têmbung ingkang dipunandharakên wontên aparat kritik. (4) Teks båså Indonesia, kapanggihaken sekawan tembung ingkang dipunadharakên wontên cathêtan terjemahan. (5) Kapanggihakên 16 piwulang Islam inggih miwiti nyêrat kanthi maos bismillah, ngaturakên puji pandonga dhumateng Gusti, Asmaul Husna minångkå asmaning Gusti, konsep akerat såhå swarga, sifat wajib Allah, ngamal kanthi iklas, pitados dhumateng kawontênanipun Gusti, Nabi Muhammad SAW minångkå utusaning Gusti, sifat wajib Nabi kaliyan Rasul, sifat mustakil Nabi kaliyan Rasul, konsep syafa’at, tansah rukun ing madyaning gêsang bebrayan, piwulang kaji, tansah sabar, ngulinakakên musawarah, såhå nebihi manah darengki.
Item Type: | Thesis (S1) |
---|---|
Subjects: | Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Filologi Jawa |
Divisions: | Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah |
Depositing User: | Galang Prastowo |
Date Deposited: | 07 Oct 2020 07:50 |
Last Modified: | 07 Oct 2020 07:50 |
URI: | http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69221 |
Actions (login required)
View Item |