KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ WÊDHARAN NGÈLMI SAJATI WONTÊN ING SÊRAT NGÈLMI YATNÅMÅYÅ

aisah jamil, nur (2018) KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ WÊDHARAN NGÈLMI SAJATI WONTÊN ING SÊRAT NGÈLMI YATNÅMÅYÅ. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
e-jurnal.pdf

Download (2MB) | Preview

Abstract

Ancasing panalitèn mênikå kanggé: (1) ngandharakên deskripsi naskah SNY, (2) ndamêl transkripsi teks SNY, (3) ndamêl transliterasi såhå suntingan teks SNY, (4) ndamel terjemahan teks SNY, (5) ngrêmbag wêdharan ngèlmi sajati SNY. Panalitèn mênikå ngginakakên metode panalitèn filologi modern såhå metode panalitèn deskriptif. Asiling panalitèn mênikå inggih (1) kawontênan naskah SNY taksih saé såhå sêratanipun taksih cêthå; (2) transliterasi SNY dipungarap kanthi ngéwahi sêratan aksårå Jåwå dhatêng aksårå Latin; (3) kapanggihakên ênêm têmbung ingkang dipun-sunting; (4) Kapanggihakên gangsal têmbung ingkang kasêrat wontên ing cathêtan terjemahan; (5) kapanggihakên kalih bab isining teks SNY. Bab manungså, ngandharakên: (1) unsur-ing manungså, (2) gawanggawanganipun badan alus, (3) sangkan paraning dumadi, (4) wataking manungså, (5) pêpénginaning manungså. Bab lampah ngèlmi sajati, ngandharakên: (1) lampah yatnåmåyå, (2) sipatipun tiyang ambêk utami, såhå (3) awratipun tiyang ambêk utami.

Item Type: Thesis (S1)
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Filologi Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Galang Prastowo
Date Deposited: 07 Oct 2020 07:12
Last Modified: 07 Oct 2020 07:12
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69212

Actions (login required)

View Item View Item