Hamzah, Lukman (2018) MITOS PETILASAN WATU GILANG LIPURO ING DESA GILANGHARJO, KECAMATAN PANDAK, KABUPATEN BANTUL. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.
|
Text
Jurnal Skripsi.pdf Download (451kB) | Preview |
Abstract
Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken milabukanipun petilasan, mitos-mitos wonten ing petilasan saha paedahipun petilasan tumrap masyarakat panyengkuyungipun. Panaliten menika ngginakaken metode penelitian kualitatif naturalistik. Caranipun ngempalaken data wonten ing panaliten menika ngangge cara observasi berpartisipasa saha wawancara mendalam.Pirantining panaliten wonten ing panaliten menika panaliti piyambak ingkang kabiyantu dening tape recorder,kamera poto saha piranti kangge nyerat. Caranipun nganalisis data ngginakaken teknik analisi induktif. Caranipun ngesahaken data lumantar triangulasi sumber saha triangulasi metode. Asiling panaliten menika nedahaken bilih: (1) Milabukanipun Petilasan Gilang Lipuro inggih menika nalika Panembahan Senopati tapa wonten ing Wanalipuro lajeng pikantuk wahyu Lintang Johar kangge damel Kerajaan Mataram (2) Mitos- mitos wonten ing Petilasan Gilang Lipuro (a) ngalap berkah utawi nenepi: sowan griyanipun juru kunci, nyamektakaken diri, nyawisaken sesaji, sungkem saderengipun mlebet; nyebar sekar (b) makhluk halus ingkang mapan wonten ing petilasan (c) Caos dhahar wonten ing petilasan gilang lipuro supados pikantuk keslametan ing pagesangan. (3) Paedahipun mitos Petilasan Gilang Lipuro tumrap masyarakat panyengkuyungipun (a) Kangge sarana nyenyuwun dhumateng Gusti, (b) Kangge nambah paseduluran, (c) Kangge nglestantunaken budaya, (d) Kangge nambah pametu masyarakat.
Item Type: | Thesis (S1) |
---|---|
Subjects: | Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Budaya Jawa |
Divisions: | Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa Jawa |
Depositing User: | Galang Prastowo |
Date Deposited: | 07 Oct 2020 05:29 |
Last Modified: | 07 Oct 2020 05:29 |
URI: | http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69197 |
Actions (login required)
![]() |
View Item |