Khasanah Taofiq, Khusnatun i (2018) KAJIAN FILOLOGI SÅHÅNILAI-NILAI KEPEMIMPINAN WONTÊN ING SÊRAT CINGKÅRÅDÉWÅ. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.
|
Text
E-Journal.pdf Download (466kB) | Preview |
Abstract
Panalitèn mênikå ngêwrat ênêm ancas panalitèn. Sasampunipun nindakakên inventarisasi naskah, ancasing panalitèn mênikå kanggé:(1) ngandharakên deskripsinaskah Sêrat Cingkårådéwå, (2) ndamêl transkripsiteks Sêrat Cingkårådéwå, (3) ndamêl transliterasi teks Sêrat Cingkårådéwå, (4) ndamêl suntingan teks Sêrat Cingkårådéwå, (5) ndamêl terjemahan teks Sêrat Sêrat Cingkårådéwå, såhå(6) ngandharakên nilai-nilaikepemimpinan ing teks Sêrat Cingkårådéwå.Panalitèn mênikå ngginakakên metode panalitèn deskriptif såhå metode panalitèn filologi. Validitas ingkang dipunginakakên, inggih mênikå validas semantik. Reliabilitas ingkang dipunginakakên, inggih mênikå reliabilitas intrarater såhå reliabilitas interrater.Asiling panalitèn mênikå ngandharakên ênêm bab. Ingkang kaping satunggal ngandharakên deskripsi naskah såhå teksSêrat Cingkårådéwå ingkang kawontênanipun taksih saé, wêtah, sêratanipun taksih sagêd dipunwaos kanthi cêthå. Kaping kalih, transkripsiteks Sêrat Cingkårådéwådipungarap kanthi nyêrat malih teks Sêrat Cingkårådéwå mawi aksårå Jåwå ingkang kasêrat carik, kados mênåpå wontênipun. Kaping tigå, transliterasi teks Sêrat Cingkårådéwå ngasilakên kekhasan teks. Kaping sakawan, suntingan teks Sêrat Cingkårådéwådipungarap kanthi ngirangi utawi nambahi aksårå, wåndå, ukårå ingkang korup, kapanggihakên tigå têmbung ingkang dipunsêrat ing aparat kritik. Kaping gangsal, terjemahan teks Sêrat Cingkårådéwå, wontên satunggal tembung ingkang kapanggihakên ing sêratan terjemahan. Kaping ênêm, teks Sêrat Cingkårådéwångêwrat nilai-nilai kepemimpinan kathahipun wontên sêlangkungnilai-nilai kepemimpinan. Pamijining têmbung: kajian filologi, nilai-nilai kepemimpinan teksSêrat Cingkårådéwå
Item Type: | Thesis (S1) |
---|---|
Subjects: | Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Filologi Jawa |
Divisions: | Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah |
Depositing User: | Galang Prastowo |
Date Deposited: | 05 Oct 2020 06:08 |
Last Modified: | 05 Oct 2020 06:08 |
URI: | http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69177 |
Actions (login required)
View Item |