MAKNA SIMBOLIK KESENIAN JARAN BUTA ING DHUSUN CEMETUK DESA CLURING KECAMATAN CLURING KABUPATEN BANYUWANGI

Kalimi, Imam (2018) MAKNA SIMBOLIK KESENIAN JARAN BUTA ING DHUSUN CEMETUK DESA CLURING KECAMATAN CLURING KABUPATEN BANYUWANGI. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
E-JOURNAL SAMPUN DADOS.pdf

Download (169kB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika kangge ngrembag makna simbolik kesenian jaranan buta ing Dhusun Cemetuk, Desa Cluring, Kecamatan Cluring, Kabupaten Banyuwangi. Panaliten menika ngandharaken mula bukanipun, makna simbolik, saha paedah saking kesenian jaranan buta wonten ing Dhusun Cemetuk, Desa Cluring, Kecamatan Cluring, Kabupaten Banyuwangi. Panaliten menika kalebet panaliten kualitatif. Data saking panaliten menika kalebet data deskriptif awujud tembung-tembung utawi ukara-ukara saking informan. Sumber data-nipun dipunpikantuk saking observasi, wawancara, saha dokumentasi kesenian jaranan buta ing Dhusun Cemetuk, Desa Cluring, Kabupaten Banyuwangi. Caranipun ngempalaken data kanthi teknik observasi partisipatif, teknik wawancara mendalam, saha teknik dokumentasi. Caranipun nganalisis data kanthi analisis data induktif. Caranipun ngesahaken data panaliten menika ngginakaken teknik trianggulasi sumber saha trianggulasi metode. Asiling panaliten menika ngandharaken wujud mula buka, makna simbolik, sarta paedah saking kesenian jaranan buta ing Dhusun Cemetuk, Desa Cluring, Kecamatan Cluring, Kabupaten Banyuwangi. Kesenian jaranan buta menika asalipun saking Dhusun Cemetuk, Desa Cluring, Kabupaten Banyuwangi. Mula bukanipun kesenian jaranan buta saking kerajaan Blambangan. Makna simbolik saking kesenian jaranan buta nggambaraken pagesangan inggih menika kangge tolak bala. Tolak bala menika kangge nolak babagan ingkang ala-ala, ingkang dipun ibarataken buta, buta menika gadhah sipat-sipat ingkang ala tuladhanipun gadhah sipat serakah, sarta culika sipat-sipat kalawau dipungadhahi dening manungsa. Kesenian jaranan buta gadhah makna kangge sedaya tiyang, supados tiyang gesang ing alam donya kanthi sae lan mupangati dhumateng tiyang sanes.

Item Type: Thesis (S1)
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Budaya Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Galang Prastowo
Date Deposited: 05 Oct 2020 05:53
Last Modified: 05 Oct 2020 05:53
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69174

Actions (login required)

View Item View Item