UPACARA TRADHISI GREBEG NGENEP WONTEN ING KOMPLEK NGENEP DESA DADAPAYU KECAMATAN SEMANU KABUPATEN GUNUNGKDUL

Priyo Nugroho, Heri (2018) UPACARA TRADHISI GREBEG NGENEP WONTEN ING KOMPLEK NGENEP DESA DADAPAYU KECAMATAN SEMANU KABUPATEN GUNUNGKDUL. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
JURNAL 2.pdf

Download (377kB) | Preview

Abstract

Panaliten menika nggadhahi ancas kangge ngandharaken mula bukanipun Upacara Tradhisi Grebeg Ngenep, prosesi Upacara Tradhisi Grebeg Ngenep, makna simbolik ubarampe sajen wonten ing salebeting Upacara Tradhisi Grebeg Ngenep saha paedahipun Upacara Tradhisi Grebeg Ngenep tumrap warga masarakat komplek Ngenep lan sakiwatengenipun. Panaliten menika ngginakaken metode panaliten deskriptif kualitatif. Caranipun ngempalaken data ing salebeting panaliten menika ngginakaken metode observasi berpartisipatif, wawancara mandalam saha dokumentasi. Pirantining panaliten inggih menika panaliti piyambak ingkang kabiyantu mawi piranti kamera, perekam, saha piranti kangge nyerat. Caranipun nganalisis data ingkang dipunginakaken inggih menika teknik analisis induktif. Caranipun ngesahaken data lumantar triangulasi sumber saha triangulasi metode. Asiling panaliten menika nedahaken bilih : (1) mula bukanipun Upacara Tradhisi Grebeg Ngenep menika minangka ulang tahun saha bebungah dhateng Ki Mento Kuasa minangka cikal bakal komplek Ngenep, ingkang saged mbendung Kali Dung Lumbu ingkang saben banjir ngelepi Kraton Surakarta. Saengga saben taun saksampunipun wulan Sapar warga komplek Ngenep ngawontenaken Grebeg Ngenep menika. (2) Prosesi upacara tradhisi Grebeg Ngenep menika kaperang dados (a) prosesi memule dinten Kamis Pon, saha (b) kirab Grebeg Ngenep menika wonten dinten Jumat Wage. (3) Makna simbolik ubarampe sajen wonten ing upacara tradhisi Grebeg Ngenep menika kangge wujud raos syukur kita dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos awit kawilujengan, katentreman, kabagaswarasan, sarta pinaringan gampil anggenipun pados rejeki anggenipun nglampahi pagesangan. (4) Paedahipun upacara tradhisi Grebeg Ngenep tumrap warga komplek Ngenep lan sakiwatengenipun inggih menika (a) paedah spiritual, (b) paedah sosial, saha (c) paedah nglestantunaken budaya.

Item Type: Thesis (S1)
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Budaya Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Galang Prastowo
Date Deposited: 05 Oct 2020 05:43
Last Modified: 05 Oct 2020 05:43
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69172

Actions (login required)

View Item View Item