Kritik Sosial wonten ing Wacana Graffiti Kaos Damelanipun Omah Bejo

Kristina, Debi (2018) Kritik Sosial wonten ing Wacana Graffiti Kaos Damelanipun Omah Bejo. S2 thesis, UNY.

[img] Text
TESIS LENGKAP DEBI KRISTINA (14714251009) -compressed.swf

Download (1MB)

Abstract

Ancasing panaliten menika kangge ngandharaken kritik sosial wonten ing wacana graffiti kaos damelanipun Omah Bejo adhedhasar kajian Analisis Wacana Kritis (AWK) Norman Fairclough kanthi ngginakaken analisis teks saha konteks. Salajengipun, asiling panaliten ngengingi kritik sosial wonten ing wacana graffiti kaos damelanipun Omah Bejo menika dipunjumbuhaken kaliyan kawontenan ingkang dumadi ing jaman sakmenika. Panaliten menika kalebet panaliten kualitatif kanthi ngginakaken cara analisis wacana kritis. Metode analisis wacana kritis dipunginakaken kangge ngandharaken kritik sosial wonten ing wacana graffiti kaos damelanipun Omah Bejo. AWK Norman Fairclough dipunlampahi kanthi cara: (1) analisis dimensi tekstual, (2) analisis dimensi praktik diskursif, saha (3) analisis dimensi praktik sosial. Sumber data panaliten menika dipunpendhet saking wacana graffiti kaos padamelanipun Omah Bejo ingkang awujud wanda, frase, ukara, saha print-out gambar, wiwit Desember 2017 dumugi Mei 2018 ingkang ngewrat perangan politik, ekonomi, ukum lan kadurjanan, kawaskithan, saha religi. Cara ngempalaken data kanthi wawan rembag lan dokumentasi. Data ingkang sampun dipunkempalaken salajengipun dipunserat saha dipunperang mawi kertu data. Analisis data dipunperang dados enem perangan, inggih menika: inventarisasi data, klasifikasi data, kodifikasi, deskripsi, elaborasi, saha inferensi adedhasar pendekatan metode Analisis Wacana Kritis Norman Fairclough kanthi ngginakaken analisis teks saha konteks. Cara ngesahaken data ngginakaken triangulasi sumber saha reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten ingkang gegayutan kaliyan kritik sosial wonten ing wacana graffiti kaos damelanipun Omah Bejo dipunpanggihaken gangsal klasifikasi inggih menika: (1) Perangan politik babagan kuwaosing para pangarsa; (2) Perangan ekonomi babagan: (a) reregan: (i) arta utawi bandha, saha (ii) kabetahanipun tiyang, (b) pakaryan (kesempatan kerja); (3) Perangan ukum lan kadurjanan babagan tumindak korupsi; (4) Perangan kawaskithan babagan: (a) unen-unen adhedhasar tumindaking manungsa, (b) unen-unen babagan pengetan waskitha dhateng samubarang perkawis, (c) unen-unen adhedhasar wicaraning manungsa; (5) Perangan religi babagan: (a) pitados bilih Gusti Allah menika Maha Tunggal, (b) manembah dhateng Gusti, (c) tumindak suci saha jujur, (d) netepi jejibahan dhateng Gusti kanthi ngibadah, saha (e) ambrastha kapitadosan babagan takhayul. Pamijining Tembung: kritik sosial, wacana graffiti, kaos Omah Bejo.

Item Type: Thesis (S2)
Subjects: Pasca Sarjana
Divisions: Sekolah Pascasarjana (SPS) > Program Pascasarjana > Pendidikan Bahasa Jawa
Date Deposited: 24 Sep 2018 04:20
Last Modified: 08 May 2019 06:50
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/60049

Actions (login required)

View Item View Item