MEDIA PASINAON INTERAKTIF SENGKALAN KANTHI PROGRAM ADOBE FLASH CS5 KANGGE SISWA SMA/ SMK KELAS XI

Anggraini, Bety Ria (2015) MEDIA PASINAON INTERAKTIF SENGKALAN KANTHI PROGRAM ADOBE FLASH CS5 KANGGE SISWA SMA/ SMK KELAS XI. S1 thesis, FBS UNY.

[img]
Preview
Text
Bety Ria Anggraini_10205244069.pdf

Download (5MB) | Preview

Abstract

MEDIA PASINAON INTERAKTIF SENGKALAN KANTHI PROGRAM ADOBE FLASH CS5 KANGGE SISWA SMA/ SMK KELAS XI dening Bety Ria Anggrani NIM. 10205244069 SARINING PANALITEN Ancasing panaliten inggih menika kangge ngandharaken: (1) tataran damel media pasinaon interaktif sengkalan kanthi program Adobe Flash Professional CS5 kangge siswa SMA/SMK kelas XI; (2) kualitas media pasinaon interaktif sengkalan dening dosen ahli materi saha dosen ahli media; saha (3) pamanggihipun guru basa Jawi saha siswa kelas XI tumrap kualitas media pasinaon interaktif sengkalan. Panaliten menika kalebet jinis panaliten Research and Development (R&D), kanthi tataran: (1) analisis kabetahan media pasinaon interaktif sengkalan, (2) desain media pasinaon interaktif sengkalan, (3) damel media pasinaon interaktif sengkalan, saha (4) validasi sarta uji coba media pasinaon interaktif sengkalan. Produk media pasinaon menika dipunevaluasi dening dosen ahli materi saha dosen ahli media mawi validasi ngantos pikantuk kualitas media ingkang sae saha layak dipunuji coba wonten ing sekolah. Salajengipun media dipunbiji dening guru basa Jawi sarta uji coba media dhateng siswa. Cara ngempalaken data ngginakaken angket, wondene cara nganalisis data ngginakaken analisis deskriptif. Asiling panaliten inggih menika: (1) media dipundamel kanthi tataran analisis, desain media, damel media, validasi sarta uji coba media pasinaon interaktif sengkalan, (2) kualitas media dening dosen ahli materi ingkang kaperang dados kalih perangan, pikantuk rata-rata persentase 82,84% ingkang kagolong kategori sae sanget, wondene evaluasi dening dosen ahli media ingkang kaperang dados kalih perangan pikantuk rata-rata persentase 80,44% ingkang kagolong sae sanget, saha (3) pamanggih guru basa Jawi ngengingi media menika kagolong sae sanget ingkang pikantuk rata-rata persentase 84%, wondene asiling angket pamanggih siswa tumrap panganggenipun media pasinaon interaktif sengkalan pikantuk rata-rata persentase 80,96% ingkang kagolong kategori sarujuk sanget. Asiling panaliten kasebut nedahaken bilih media pasinaon interaktif sengkalan menika sampun nggayuh sarat kualitas media ingkang sae saha tampilan media saged narik kawigatosan siswa sarta saged nggampilaken siswa sinau materi sengkalan.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: MEDIA PASINAON, PROGRAM ADOBE FLASH CS5, SMA/ SMK KELAS XI
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Pendidikan Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 26 Apr 2016 07:45
Last Modified: 02 Oct 2020 08:22
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/31905

Actions (login required)

View Item View Item