Fadlil, Irvan Kurnia (2013) TRADHISI RITUAL SLAMETAN WONTEN ING PETILASAN ARDI LAWET DESA PANUSUPAN REMBANG PURBALINGGA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.
|
Text
Irvan Kurnia Fadlil 09205244021.pdf Download (1MB) | Preview |
Abstract
Perkawis ingkang dipunrembag wonten panaliten inggih menika (1) Kadospundi sejarahipun petilasan Ardi Lawet wonten ing Desa Panusupan Kecamatan Rembang Kabupaten Purbalingga; (2) Kadospundi tradhisi ritual slametan wonten ing petilasan Ardi Lawet Desa Panusupan Kecamatan Rembang Kabupaten Purbalingga; (3) Kadospundi paedahipun ritual slametan ingkang dipuntindakaken wonten ing petilasan Ardi Lawet Desa Panusupan Kecamatan Rembang Kabupaten Purbalingga. Gegaran teori ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten inggih menika folklore, saha tradhisi. Paedah saking panaliten menika wonten paedah praktis saha paedah teoritis. Metode ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten inggih menika kualitatif naturalistik. Cara ingkang dipunginakaken kangge ngempalaken data wonten ing panaliten inggih menika ngangge tehnik observasi partisipasi, wawancara mendalam, saha dokumentasi. Asiling panaliten inggih punika masarakat taksih kathah ingkang ngawontenaken ritual slametan. Kathah sebab ingkang mangaribawani masarakat ing desa Panusupan saha para panjurungipun tradhisi ritual slametan pitados dhateng tradisi ritual slametan, inggih punika wontenipun raos yakin dhateng kabudayan kasebut, raos pitados menawi ngawontenaken ritual slametan saged nuwuhaken tentreming batos, saha raos pitados menawi ngawontenaken ritual slametan slametan sedaya panyuwunanipun dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos enggal dipunijabahi. Paedah ritual slametan wonten ing petilasan Ardi Lawet inggih punika paedah spiritual, social, nglestantunaken tradhisi, saha ekonomi.
Item Type: | Thesis (S1) |
---|---|
Uncontrolled Keywords: | tradhisi ritual slametan, petilasan ardi lawet, desa panusupan |
Subjects: | Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Budaya Jawa |
Divisions: | Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah |
Depositing User: | Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS |
Date Deposited: | 12 Aug 2015 11:49 |
Last Modified: | 19 Oct 2020 05:56 |
URI: | http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/24862 |
Actions (login required)
![]() |
View Item |