UPACARA NYADRAN PETILASAN KI GONOTIRTO ING DESA HARGOTIRTO, KOKAP, KULON PROGO

Ambarwati, Rani (2014) UPACARA NYADRAN PETILASAN KI GONOTIRTO ING DESA HARGOTIRTO, KOKAP, KULON PROGO. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Rani Ambarwati 10205241034.pdf

Download (31MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika dipunadani wonten ing Hargotirto, Kokap, Kulon Progo. Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken lampahing upacara Nyadran Petilasan Ki Gonotirto. Sasanesipun menika ugi ngandharaken wujud akulturasi budaya wonten ing upacara Nyadran Petilasan Ki Gonotirto. Panaliten menika migunakaken panaliten kualitatif. Caranipun ngempalaken data ing salebeting panaliten menika migunakaken pengamatan berperan serta saha wawancara. Piranting panaliten inggih menika panaliti piyambak ingkang kabiyantu mawi piranti perekam, kamera foto saha piranti kangge nyerat. Caranipun nganalisis data ingkang dipunginakaken inggih menika teknik analisis induktif. Caranipun ngesahaken data lumantar triangulasi sumber lan metode. Asiling panaliten menika nedahaken bilih (1) lampahing upacara kaperang dados 2 tahap : (a) cecawis upacara ingkang awujud rapat panitia, cecawis papan, miwiti tatacara adat matur dhateng Ki Gonotirto, nyuceni saha mbeleh menda, kelet, mendhem sirah, rah, tracak, damel ubarampe sajen slametan, nyamaptaaken daging wonten ing takir, andum kalakan, pakuncen atur panuwun; (b) lampahing upacara ingkang awujus miwiti upacara tradhisi nyadran, tanggap wacana, waosan jejering wilujengan kalajengaken donga, andum ingkung, panutup, andum sajen slametan saha andum takir, ingkang pungkasan reresik lokasi. (2) akulturasi budaya ingkang kaperang dados 5 warni : akulturasi donga, akulturasi sesaji, akulturasi kapitadosan, akulturasi artefak, akuturasi busana.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: upacara nyadran, petilasan ki gonotirto, desa hargotirto
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Budaya Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 12 Aug 2015 10:24
Last Modified: 02 Oct 2020 08:15
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/24836

Actions (login required)

View Item View Item