UPACARA TRADHISI LABUHAN AGENG ING SEGANTEN SEMBUKAN, DESA PARANGGUPITO, KECAMATAN PARANGGUPITO, KABUPATEN WONOGIRI

Asmuni, Feby Sonita Umaya (2014) UPACARA TRADHISI LABUHAN AGENG ING SEGANTEN SEMBUKAN, DESA PARANGGUPITO, KECAMATAN PARANGGUPITO, KABUPATEN WONOGIRI. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Feby Sonita Umaya Asmuni 10205244050.pdf

Download (8MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken asal-usul wontenipun upacara tradisi labuhan ageng, lampahan, makna simbolik ubarampe wonten ing upacara tradisi labuhan ageng saha ngandharaken paedahipun upacara labuhan ageng kangge masyarakat panyengkuyung. Panaliten menika migunakaken metode panaliten kualitatif. Caranipun ngempalaken data wonten ing saklebetipun panaliten menika migunakaken pengamatan berperanserta, wawancara mendalam saha dokumentasi. Pirantining panaliten inggih menika panaliti piyambak ingkang kabiyantu mawi kamera foto, handycam, voice recorder, saha piranti kangge nyerat. Caranipun nganalisis data ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten inggih menika teknik analisis induktif. Caranipun ngesahaken data menika ngginakaken triangulasi sumber, saha triangulasi metode. Asiling panaliten menika nedahaken bilih: (1) asal usul wontenipun upacara labuhan ageng menika dipunwiwiti saking lampahipun Raden Mas Said ingkang nyenyuwun kanthi semedi wonten ing nginggil redi gendera sakpinggiripun Seganten Sembukan. Malem Jumat Pon tabuh 01.30 ing wulan Sura 1848 panyuwunanipun Raden Mas Said menika dipunkabulaken. (2) lampahan upacara tradhisi labuhan ageng menika kaperang dados kalih tahap, inggih menika: (a) cecawis upacara ingkang awujud rapat panitia labuhan ageng, cecawis papan panggenan, cecawis piranti, saha cecawis sesaji, (b) lampahan upacara labuhan ageng, ingkang awujud pambuka, atur pambagyaharja, kirab, pasrah saha tampi sesaji, ikrar, donga, labuhan, saha panglipur. Ing adicara labuhan menika wonten adicara rayahan gunungan saha nglabuh sesaji. (3) makna simbolik sesaji ingkang dipunginakaken ing saklebetipun upacara tradhisi labuhan ageng menika kangge ngandharaken raos sukur ing Ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos awit sampun paring kanugrahan dhumateng warga masyarakat panyengkuyung. Sesaji ingkang dipundamel menika ugi kangge sarana mangayubagya warsa enggal 1 Muharam 1435 H, supados warga masyarakat panyengkuyung tansah pikantuk pangayoman saking Gusti Ingkang Maha Kuwaos. (4) Paedahipun upacara labuhan ageng tumraping warga panyengkuyung inggih menika (a) paedah ing bidang tradhisi, (b) paedah sosial, (c) paedah ekonomi, saha (d) paedah pariwisata.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: upacara tradhisi, labuhan, seganten sembukan
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Budaya Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 12 Aug 2015 10:05
Last Modified: 02 Oct 2020 08:37
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/24824

Actions (login required)

View Item View Item