KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ ANALISIS KAWRUH ANGGAYUH RAOSING GÊSANG INGKANG SAJATOS WONTÊN SÊRAT WÉDYÅ PRASTÅWÅ

Hanifah, Ria Nur (2014) KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ ANALISIS KAWRUH ANGGAYUH RAOSING GÊSANG INGKANG SAJATOS WONTÊN SÊRAT WÉDYÅ PRASTÅWÅ. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Ria Nur Hanifah 10205241051.pdf

Download (7MB) | Preview

Abstract

Panalitѐn mênikå ngêwrat sakawan warni ancasing panalitѐn. Ancasing panalitѐn mênikå kanggé: (1) ngandharakên deskripsi naskah såhå teks Sêrat Wédyå Praståwå, (2) ndamêl alih tulis teks Sêrat Wédyå Praståwå, (3) ndamêl terjemahan teks Sêrat Wédyå Praståwå, såhå (4) ngandharakên piwulang bab kawruh anggayuh raosing gêsang ingkang sajatos wontên teks Sêrat Wédyå Praståwå. Panalitèn mênikå ngginakakên metode panalitèn filologi modern såhå metode panalitèn deskriptif. Metode panalitèn filologi dipunginakakên kanggé nliti naskah kanthi irah-irahan Sêrat Wédyå Praståwå. Wondéné metode panalitèn deskriptif dipunginakakên kanggé nggambarakên teks Sêrat Wédyå Praståwå kanthi sistematis såhå objektif. Sumber data panalitèn mênikå naskah Sêrat Wédyå Praståwå koleksi-nipun Perpustakaan Museum Dewantara Kirti Griya. Cårå anggènipun ngêmpalakên data panalitèn mênikå kanthi ngginakakên lampahing panalitèn filologi, inggih mênikå inventarisasi naskah, deskripsi naskah såhå teks, alih tulis teks, damêl terjemahan teks, kalajêngakên analisis teks. Cårå analisis data panalitèn inggih mênikå kanthi ngginakaken analisis deskritif. Validitas ingkang dipunginakakên, inggih mênikå validitas semantik. Reliabilitas ingkang dipunginakakên, inggih mênikå reliabilitas intrarater såhå interrater. Asiling panalitèn filologi tumrap Sêrat Wédyå Praståwå mênikå ngandharakên sangang bab. Wondéné paprincèn asiling panalitèn inggih menika (1) kawontênanipun manungså ingkang gadhah “kapénginan” ngudi kawruh anggayuh raosing gêsang ingkang sajatos, lajêng (2) unggah-ungguhipun siswå ingkang badhé maguru kawruh anggayuh raosing gêsang ingkang sajatos, (3) kawontênanipun manungså ingkang sagêd dipundadosakên guru ingkang mulangakên kawruh anggayuh raosing gêsang ingkang sajatos, (4) wêkdal såhå panggènan ingkang saé kanggé pamêjangan kawruh anggayuh raosing gêsang ingkang sajatos, (5) syarat ingkang kêdah dipunlampahi déning siswa sadèrèngipun nampi utawi nyinau kawruh anggayuh raosing gêsang ingkang sajatos, (6) paprincèning tri sabåwå, (7) panuntun såhå pangayomaning gêsang, (8) kautamaning manungså ingkang sampun paham tri sabåwå, pungkasan (9) pituwas tumrap manungså ingkang botên manut wêwaton tri sabåwå.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: filologi, kawruh, serat wedya prastawa
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Filologi Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 04 Jun 2015 07:42
Last Modified: 20 Oct 2020 02:43
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/20007

Actions (login required)

View Item View Item