LATAR SOSIAL BUDAYA WONTEN CERBUNG JANGGRUNG ANGGITANIPUN SRI SUGIYANTO SATUNGGALING KAJIAN SOSIOLOGI SASTRA

Ernawa, Nurin Ranu (2014) LATAR SOSIAL BUDAYA WONTEN CERBUNG JANGGRUNG ANGGITANIPUN SRI SUGIYANTO SATUNGGALING KAJIAN SOSIOLOGI SASTRA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Nurin Ranu Ernawa 10205244051.pdf

Download (2MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken latar sosial budaya ingkang wonten salebeting cerbung Janggrung saha kawontenan sosial budaya masyarakat Indonesia ingkang kagambaraken wonten cerbung Janggrung. Panaliten menika ngginakaken pendekatan sosiologi sastra. Objek ingkang dipunkaji inggih menika sedaya data ingkang wonten salebeting cerbung Janggrung ingkang gayut kaliyan latar sosial budaya. Sumber data primeripun inggih menika cerbung Janggrung anggitanipun Sri Sugiyanto ingkang kapacak wonten kalawarti mingguan Panjebar Semangat edisi 13 tanggal 26 Maret 2005 dumugi edisi 38 tanggal 17 September 2005, kaperang dados 26 seri. Teknik ingkang dipunginakaken inggih menika teknik maos saha nyerat. Caranipun ngesahaken data dipunpanggihaken mawi uji validitas referensial awujud rujukan-rujukan saha uji reliabilitas intrarater inggih menika ngambali analisis tumrap cerbung Jangggrung kangge manggihaken data ingkang konsisten. Salajengipun data dipunanalisis kanthi deskriptif interpretatif amargi datanipun awujud data verbal ingkang mbetahaken andharan mawi deskriptif. Asiling panaliten nedahaken bilih data latar sosial budaya wonten cerbung Janggrung kaperang dados pitu prekawis, inggih menika: (a) religiusitas ingkang inggil salebeting cerbung Janggrung, (b) organisasi sosial ingkang ngrembaka salebeting masyarakat, (c) kawruh saha kaprigelan anggenipun nganalisa prekawis, (d) wujud basa ingkang dipunginakaken, (e) kesenian ingkang adiluhung, (f) pakaryan wonten masyarakat desa, saha (g) pirantos ingkang dipunginakaken masyarakat. Kawontenan masyarakat ingkang dados atar wonten cerbung Janggrung inggih menika: (a) Janggrung wetawis taun 2005 dados beksa pergaulan masyarakat, dumados saking ledhek, nanging tembung ledhek lajeng dipunalusaken dados “paraga beksa”, (b) suwelan salebeting seni Janggrung udakawis taun 1960, taksih kanthi cara maringaken arta ingkang dipunlebetaken wonten “kemben” antawisipun dhadha, (c) wonten sawetara masyarakat dhaerah ingkang pitados menawi ledhek menika dados sarana penghubung ingkang wigati, antawisipun panguripan masyarakat padesan kaliyan Dewi Sri utawi Dewi Kesuburan. Adhedhasar panaliten menika saged dipunpundhet dudutanipun bilih Sri Sugiyanto anggenipun ngripta cerbung Janggrung mundhut latar kawontenan sosial budaya masyarakat Indonesia wetawis taun 2005 minangka kawontenan ingkang ndhasari lampahing cariyos salebeting cerbung Janggrung.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: cerbung, janggrung, sosiologi sastra
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Sastra Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 04 Jun 2015 07:38
Last Modified: 19 Oct 2020 05:53
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/20004

Actions (login required)

View Item View Item