KAJIAN FILOLOGI WONTÊN SÊRAT NGÈLMU DÅYÅPRABÅWÅ

Ayustin, Ayustin (2014) KAJIAN FILOLOGI WONTÊN SÊRAT NGÈLMU DÅYÅPRABÅWÅ. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Ayustin 10205241029.pdf

Download (12MB) | Preview

Abstract

Ancasing panalitèn mênikå kanggé: 1) ndamêl inventarisasi teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå, 2) ngandharakên deskripsi naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå, 3) ndamêl transliterasi utawi alih aksårå såhå suntingan teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå, 4) ndamêl terjemahan utawi alih båså teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå, sartå 5) ngandharakên analisis isining Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå. Panalitèn mênikå ngginakakên metode panalitèn deskriptif såhå metode panalitèn filologi. Metode panalitèn deskriptif dipunginakakên kanggé nggambarakên naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå kanthi objektif. Metode panalitèn filologi dipunginakakên kanggé nggarap naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå ingkang kasêrat mawi aksårå Jåwå. Sumber data panalitèn mênikå, naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå koleksi Museum Sonobudoyo, Yogyakarta. Teknik ngêmpalakên data ing panalitèn mênikå ngginakakên lampah panalitèn filologi, inggih mênikå inventarisasi naskah, kawontênan (deskripsi) naskah, transliterasi, suntingan, terjemahan teks såhå analisis isining teks. Analisis data ngginakakên teknik analisis deskriptif. Validitas ingkang dipunginakakên, inggih mênikå validitas semantik. Reliabilitas ingkang dipunginakakên, inggih mênikå reliabilitas intrarater såhå interrater. Asiling panalitèn mênikå ngandharakên ênêm bab. Sapisan, kapanggihakên satunggal eksemplar naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå, ingkang kasimpên ing Museum Sonobudoyo Yogyakarta. Kaping kalih, kawontênan (deskripsi) naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå taksih saé, såhå sêratanipun taksih sagêd kawaos. Kaping tigå, transliterasi naskah Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå dipungarap kanthi ngéwahi sêratan aksårå Jåwå dhatêng aksårå Latin adhêdhasar ejaan ingkang limrah. Sakawan, suntingan teks ngginakakên metode suntingan standar, wondéné sadåyå éwah-éwahan ing suntingan teks kaandharakên ing aparat kritik. Gangsal, terjemahan teks dipungarap kanthi ngginakakên metode terjemahan harfiah, terjemahan isi, såhå terjemahan bebas. Sadåyå metode terjemahan kasêbut dipungarap kanthi kontekstual. Ênêm, isining teks Sêrat Ngèlmu Dåyåprabåwå ingkang gayut kaliyan bab wiwit wêwarah, bab kalakuan, såhå bab dhukun sajatos dipungarap kajumbuhakên kaliyan bab piwulang. Wondéné bab ålå bêciking håwå, papan panggénan, bab panggladhining patrapan, bab pangunjaling napas, bab dhaharan, såhå bab nambani lelårå dipungarap kajumbuhakên kaliyan ngèlmu kasarasan.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: filologi, ngelmu dayaprabawa
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Filologi Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 04 Jun 2015 03:37
Last Modified: 02 Oct 2020 08:43
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/19933

Actions (login required)

View Item View Item