KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ KONSEP MANUNGGALING KAWULÅ GUSTI SÊRAT SULUK MAKNÅRÅSÅ

Fatmawati, Andriyana (2014) KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ KONSEP MANUNGGALING KAWULÅ GUSTI SÊRAT SULUK MAKNÅRÅSÅ. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Andriyana Fatmawati 10205241014.pdf

Download (12MB) | Preview

Abstract

Panalitѐn mênikå ngêwrat gangsal ancas panalitèn. Ancasing panalitèn mênikå kanggé: (1) ngandharakên asiling inventarisasi naskah Sêrat Suluk Maknåråså, (2) ngandharakên deskripsi naskah Sêrat Pêthikan Warni-warni, (3) ndamêl transliterasi såhå suntingan teks Sêrat Suluk Maknåråså, (4) ndamêl terjemahan teks Sêrat Suluk Maknåråså sartå (5) ngandharakên konsep manunggaling kawulå Gusti Sêrat Suluk Maknåråså. Panalitèn mênikå ngginakakên metode panalitèn filologi såhå metode panalitèn deskriptif. Metode panalitèn filologi dipunginakakên kanggé nggarap teks Sêrat Suluk Maknåråså ingkang kasêrat mawi aksårå Jåwå carik. Wondéné metode panalitèn deskriptif dipunginakakên kanggé nggambarakên teks Sêrat Suluk Maknåråså kanthi objektif. Sumber data panalitèn mênikå naskah Sêrat Suluk Maknåråså såhå teks Sêrat Suluk Maknåråså koleksi Museum Sonobudoyo, Yogyakarta. Teknik ngêmpalakên data ing panalitèn mênikå ngginakakên lampahing panalitèn filologi, inggih mênikå inventarisasi naskah, deskripsi naskah, transliterasi, suntingan, terjemahan teks, såhå analisis isining teks. Analisis data ngginakakên teknik analisis deskriptif. Validitas ingkang dipunginakakên, inggih mênikå validitas semantik. Reliabilitas ingkang dipunginakakên, inggih mênikå reliabilitas intrarater såhå interrater. Asiling panalitèn mênikå ngandharakên ênêm bab, sapisan inggih mênikå kapanggihakên satunggal eksemplar naskah Sêrat Suluk Maknåråså, ingkang kasimpên ing Museum Sonobudoyo Yogyakarta. Kaping kalih, deskripsi naskah Sêrat Pêthikan Warni-warni taksih saé såhå wêtah, sêratanipun cêthå dipunwaos. Katigå, transliterasi teks Sêrat Suluk Maknåråså dipungarap kanthi ngginakakên transliterasi standar inggih mênikå ngéwahi sêratan aksårå Jåwå dhatêng aksårå Latin adhêdhasar ejaan ingkang limrah. Sakawan, suntingan teks ngginakakên metode suntingan standar, wondéné sadåyå éwah-éwahan ing suntingan teks kaandharakên ing aparat kritik. Gangsal, terjemahan teks dipungarap kanthi ngginakakên metode terjemahan harfiah, terjemahan isi, såhå terjemahan bebas. Sadåyå metode terjemahan kasêbut dipungarap kanthi kontekstual. Wondéné têmbung-têmbung ingkang angêl dipunalih-basakakên salajêngipun kaandharakên wontên cathêtan terjemahan. Ênêm, isining teks Sêrat Suluk Maknåråså gayut kaliyan bab manunggaling kawulå Gusti. Wujuding konsep manunggaling kawulå Gusti kasêbut wontên ênêm, inggih mênikå (1) titikanipun manungså ingkang sampun makrifat, (2) kawruhing pati, (3) pêrlambang manunggaling kawulå Gusti, (4) pêrlambang gêsanging manungså, (5) manêmbah, såhå (6) maknaning gêsang.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: filologi, manunggaling kawula gusti
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Filologi Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 04 Jun 2015 03:31
Last Modified: 19 Oct 2020 06:10
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/19930

Actions (login required)

View Item View Item