SIKAP HIDUP PRIYAYI WONTEN ING NOVEL KIRTI NJUNJUNG DRAJAT ANGGITANIPUN R. TG. JASAWIDAGDA MINANGKA KAJIAN STRUKTURAL SEMIOTIK

Asluki, Waliy (2014) SIKAP HIDUP PRIYAYI WONTEN ING NOVEL KIRTI NJUNJUNG DRAJAT ANGGITANIPUN R. TG. JASAWIDAGDA MINANGKA KAJIAN STRUKTURAL SEMIOTIK. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Waliy Asluki 10205244009.pdf

Download (4MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken Sikap Hidup Priyayi Wonten Ing Novel Kirti Njunjung Drajat Anggitanipun R. Tg. Jasawidagda Minangka Kajian Struktural Semiotik. Panganggenipun kajian struktural semiotik menika saged dipundadosaken tuladha panganggenipun kajian struktural semiotik wonten ing karya sastra sanesipun. Jinising panaliten ingkang dipunginakaken inggih menika panaliten deskriptif. Data panaliten menika awujud wujud-wujud sikap hidup priyayi, unsur-unsur struktural, saha wujud gayutanipun antawis tandha kaliyan acuanipun (ikon, indeks, simbol). Sumbering data panaliten menika ngginakaken salah satunggaling novel abasa Jawi kanthi irah-irahan Kirti Njunjung Drajat anggitanipun R. Tg. Jasawidagda. Pirantining panaliten menika ngginakaken human instrument utawi panaliti piyambak ingkang dipunbiyantu kanthi kartu data. Data dipunkempalaken kanthi cara maos lan nyerat (nyathet). Caranipun nganalisis data menika ngginakaken teknik deskriptif interpretative mawi langkah heuristik saha hermeneutik. Wondene cara anggenipun ngesahaken data menika kanthi ngginakaken validitas semantik saha reliabilitas intrarater saha interrater. Asiling panaliten inggih menika: (1) Wujud sikap hidup priyayi ingkang wonten ing novel Kirti Njunjung Drajat wonten sedasa jinis, inggih menika, bebuden luhur, tanggeljawab, tanggap ing sasmita, wicaksana, lebda ing pamawas, remen anggegulang ngelmi, kaprihatosan, lampah prihatos, enget dhateng panguwaosipun Gusti Allah, saha mbangun miturut dhateng tiyang sepuh; (2) Unsur-unsur struktural ingkang wonten ing novel Kirti Njunjung Drajat anggitanipun R. Tg. Jasawidagda angliputi, tema, alur, paraga, latar, sudut pandang, saha basa; (3) Wujud gayutanipun antawis tandha kaliyan acuanipun ingkang awujud ikon wonten tiga jinis inggih menika, ikon topologis, ikon diagramatik, saha ikon metaforis. Wujud gayutanipun antawis tandha kaliyan acuanipun ingkang awujud indeks wonten tiga jinis inggih menika, tumindakipun paraga ingkang damel kaget, tumindakipun paraga ingkang ngobahaken manah, saha tumindakipun paraga ingkang damel duka. Wujud gayutanipun antawis tandha kaliyan acuanipun ingkang awujud simbol wonten tiga jinis inggih menika, gegayutan kaliyan kapriyayian, gegayutan kaliyan gelar nama, saha gegayutan kaliyan masa penjajahan Belanda.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: kajian struktural semiotik, sikap hidup priyayi, novel Kirti Njunjung Drajat
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Sastra Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 06 May 2015 03:42
Last Modified: 02 Oct 2020 08:36
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18227

Actions (login required)

View Item View Item