REGISTER RINGGIT TIYANG SRIWEDARI LAMPAHAN ‘ANOMAN OBONG’

Al Ma Arif, Muhamad (2014) REGISTER RINGGIT TIYANG SRIWEDARI LAMPAHAN ‘ANOMAN OBONG’. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Muhamad Al Ma Arif 10205241077.pdf

Download (3MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken (1) register ingkang wonten ing ringgit tiyang Sriwedari lampahan ‘Anoman Obong’ (2) ancas saking panganggening register menika wonten ringgit tiyang Sriwedari lampahan ‘Anoman Obong’ (3) nilai ingkang kawrat wonten ing register wayang wong Sriwedari lampahan ‘Anoman Obong’. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif, inggih menika panaliten ingkang ngasilaken data deskriptif arupi tetembungan ingkang dipunserat utawi lisan saking tindak tanduk tiyang ingkang dipunamati. Register menika dipunwatesi wonten ing register pocapan kemawon. Cara ngempalaken data migunakaken teknik nyimak saha transkripsi. Tegesipun pocapan menika dipunmirengaken wongsal wangsul lajeng dipunserat babagan registeripun. Uji validitas wonten ing panaliten migunakaken pertimbangan para ahli (expert judgement), dene uji reabilitas migunakaken reabilitas interrater. Asiling panaliten wonten 10 register, janturan, kandha janturan, carita, suluk, ada-ada, pathetan, sasmitha gending, sasmitha dhalang, ginem, kombangan. Saben register menika gadhah ancas ingkang beda-beda. Janturan menika kangge ngandharaken jejer sepisan. Kandha janturan kangge ngandharaken jejer saklajengipun kanthi gamelan. Carita menika ngandharaken jejer ingkang wonten mboten dipuniringi gamelan. Ada-ada menika ngandharaken kahanan ingkang semangat. Suluk menika ngandharaken kahanan tintrim, Pathet menika kangge gantosing pathet utawi swasana. Sasmita gendhing kangge tandha kangge niyaga kedah nyekaraken satunggaling lagon. sasmita dhalang menika tandha kangge niyaga kangge ancas tartamtu. Ginem menika kangge langkung ngandharaken carios ingkang wonten. Kombangan menika kangge langkung ngresepaken swasana saha tandha gamelan kedah ngelik. Nilai ingkang wonten inggih menika nilai budaya, nilai moral saha nilai estetika.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: register, ringgit tiyang Sriwedari, lampahan ‘Anoman Obong’
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Budaya Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 05 May 2015 03:21
Last Modified: 02 Oct 2020 08:12
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18140

Actions (login required)

View Item View Item