NILAI SOSIAL WONTEN SALEBETING DONGENG SATO KEWAN ANGGITANIPUN PRIJANA WINDUWINATA

Anes, Jasmi (2015) NILAI SOSIAL WONTEN SALEBETING DONGENG SATO KEWAN ANGGITANIPUN PRIJANA WINDUWINATA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Jasmi Anes 10205244013.pdf

Download (11MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken bab nilai sosial wonten salebeting dongeng sato kewan anggitanipun Prijana Winduwinata. Perkawis ingkang badhe kaandharaken inggih menika, (1) Wujudipun nilai sosial, saha (2) Kadospundi caranipun ngandharaken nilai sosial wonten salebeting dongeng sato kewan anggitanipun Prijana Winduwinata. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Sumber dhata ingkang dipunginakaken inggih menika dongeng sato kewan anggitanipun Prijana Winduwinata. Dhata ing panaliten menika awujud tetembungan, frasa, ukara, saha paragraf. Cara manggihaken dhata ing panaliten menika kanthi cara maos-nyerat, nemtokaken unit ananlis saha panyeratan dhata. Dhata dipunpadosi kanthi cara deskriptif inggih menika panaliti ngandharaken wujud nilai sosial saha cara ngandharaken nilai sosial wonten salebeting dongeng sato kewan anggitanipun Prijana Winduwinata. Validitas ingkang dipunginakaken inggih menika validitas semantis, dene realibilitasipun inggih menika reliabilitas intrarater saha reliabilitas intrarater. Asiling panaliten menika ngandharaken wujud nilai sosial ing panaliten menika wonten kalih welas, inggih menika, (1) gotong royong, (2) raos welas, (3) tanggel jawab, (4) baktos kalihan tiyang sanes, (5) persatuan, (6) toleransi/tepa slira, (7) keramahan, (8) keadilan, (9) silaturrahmi, (10) boten KKN (Korupsi, Kolusi, Nepotisme), (11) boten sewenang-wenangan, lan (12) boten wayuh. Ing panaliten menika ugi ngandharaken caranipun ngandharaken nilai sosial inggih menika kanthi cara langsung saha kanthi cara boten langsung.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: Nilai sosial, Dongeng sato kewan
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa dan Sastra Inggris
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 05 May 2015 01:51
Last Modified: 29 Jan 2019 22:01
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18106

Actions (login required)

View Item View Item