VALENSI TEMBUNG KRIYA WONTEN ING NOVEL LINTANG ANGGITANIPUN ARDINI PANGASTUTI B. N

Wahyuni, Dani Ari (2014) VALENSI TEMBUNG KRIYA WONTEN ING NOVEL LINTANG ANGGITANIPUN ARDINI PANGASTUTI B. N. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Dani Ari Wahyuni 10205241070.pdf

Download (1MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika dipuntindakaken kanthi ancas kangge ngandharaken valensi tembung kriya wonten ing novel Lintang anggitanipun Ardini Pangastuti B. N. Panaliten menika ngrembag jinis, wujud saha teges valensi tembung kriya wonten ing novel Lintang anggitanipun Ardini Pangastuti B. N. Panaliten menika kalebet jinising panaliten deskriptif. Sumber data panaliten menika novel Lintang anggitanipun Ardini Pangastuti B. N. Data wonten ing panaliten menika awujud tembung kriya wonten ing salebeting ukara lamba. Teknik anggenipun ngempalaken data menika kanthi cara teknik maos saha teknik nyathet. Caranipun nganalisis data ngginakaken analisis deskriptif inggih menika panaliti ngandharaken jinis, wujud saha teges valensi tembung kriya wonten ing novel Lintang anggitanipun Ardini Pangastuti B. N. Cara ngesahaken data ngginakaken validitas saha reliabilitas data inggih menika dipuntindakaken kanthi maos novel Lintang ingkang permati saha makaping-kaping. Asiling panaliten menika (1) jinis valensi tembung kriya ingkang dipunpanggihaken wonten ing novel Lintang anggitanipun Ardini Pangastuti B. N inggih menika (a) valensi tembung kriya ekatransitif, (b) valensi tembung kriya dwitransitif, (c) valensi tembung kriya semitransitif saha (d) valensi tembung kriya intransitif; (2) wujud valensi tembung kriya ingkang dipunpanggihaken inggih menika wujud (a) frasa kriya, (b) kriya andhahan antawisipun mawi aterater, mawi wuwuhan sesarengan, mawi panambang saha rangkep; (3) teges valensi tembung kriya miturut wujud tembung kriya inggih menika nindakaken pakaryan, nindakaken pakaryan kados ingkang dipunsebutaken ing lingganipun, nindakaken pakaryan supados dados menapa ingkang dipunsebut ing lingganipun, nindakaken pakaryan kangge tiyang sanes saha kawontenan ingkang dipunalami dening jejer.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: Valensi tembung kriya, Ardini Pangastuti B. N.
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa dan Sastra Inggris
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 05 May 2015 01:37
Last Modified: 29 Jan 2019 22:01
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18101

Actions (login required)

View Item View Item