UPACARA PAWIWAHAN ADAT JAWI WONTEN ING SERAT CENTHINI

Diarthaningtyas, Hervinne (2014) UPACARA PAWIWAHAN ADAT JAWI WONTEN ING SERAT CENTHINI. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Hervinne Diarthaningtyas 10205244084.pdf

Download (15MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika dipuntindakaken kanthi ancas kangge ngandharaken upacara pawiwahan adat Jawi wonten ing Serat Centhini. Panaliten menika ngandharaken caranipun nemtokaken bakal mantu saha tata cara upacara pawiwahan wonten ing Serat Centhini. Panaliten menika kalebet jinis panaliten content analisys. Data ing panaliten menika upacara pawiwahan wonten ing Serat Centhini. Sumber data panaliten menika Serat Centhini Latin asil pelatinan saking Serat Centhini anggitanipun Paku Buwana V dening Karkono Kamajaya. Panaliten menika dipuntliti kanthi analisys content. Teknik anggenipun ngempalaken data menika kanthi maos saha nyerat. Data dipunanalisis ngangge teknik content analysis inggih menika panaliti ngandharaken caranipun nemtokaken bakal mantu saha tata cara upacara pawiwahan wonten ing Serat Centhini. Asiling panaliten menika nedahaken bilih (1) caranipun nemtokaken bakal mantu ingkang dipunpanggihaken inggih menika (a) pasatowan salaki rabi, lan (b) bibit, bebet, lan bobot; (2) tata cara upacara pawiwahan ingkang dipunpanggihaken inggih menika (a) ubarampe utawi sajen upacara pawiwahan, (b) saperangan acara selametan (c) pakaryan tiyang gadhah damel utawi rewang, (d) milih dinten kangge ngresmikaken upacara penganten, (e) nampi sumbangan, (f) lamaran, (g) paningset, (h) tarub lan majang, (i) midadareni, (j) nyantri, (k) penganten siram, (l) ijab, (m) panggih, (n) boyongan, (o) upacara khusus, saha (p) adat pawiwahan miturut saperangan agami lan syariat Nabi.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: serat centhini
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Budaya Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 04 May 2015 07:27
Last Modified: 19 Oct 2020 05:36
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18070

Actions (login required)

View Item View Item