Wijaya, Endra (2014) MAKNA SIMBOLIS MOTIF BATHIK BUSANANING PARAGA WONTEN ING PAGELARAN SENDRATARI RAMAYANA BALLET PRAMBANAN. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.
|
Text
Endra Wijaya 09205241050.pdf Download (18MB) | Preview |
Abstract
Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken sejarah wiwitanipun pagelaran sendratari Ramayana Ballet Prambanan, busananipun paraga sendratari Ramayana Ballet Prambanan, saha makna simbolis motif bathik busananing paraga sendratari Ramayana Ballet Prambanan. Panaliten menika migunakaken metode panaliten kualitatif. Caranipun ngempalaken data panaliten menika, kanthi cara observasi berperanserta saha wawancara mendalam. Pirantining panaliten inggih menika panaliti piyambak ingkang kabiyantu mawi piranti rekaman, kamera foto, saha piranti kangge nyerat. Caranipun nganalisis data migunakaken teknik analisis induktif. Dene anggenipun ngesahaken data menika kanthi cara trianggulasi sumber saha trianggulasi metode. Asiling panaliten menika ngandharaken sejarah wiwitanipun pagelaran sendratari Ramayana Ballet Prambanan ingkang dipundhasari saking gagasan saha penggalihanipun GPH Djatikusumo minangka Menteri Perhubungan Darat, Pos, dan Telekomunikasi ingkang ngawontenaken observasi dhateng nagari manca ing Asia rikala taun 1960. Dhasar anggenipun nemtokaken candhi Prambanan dados papan pagelaran sendratari menika boten namung jalaran relief cariyos Ramayana ingkang katingal wonten ing candhi Prambanan, nanging menika ugi wujud saking balas budi dhateng masarakat Prambanan ingkang sampun nyukani pitulungan dhateng para gerilyawan nalika perang mengsah penjajah Walandi. Busananipun paraga sendratari Ramayana dhasaripun saking busana ringgit tiyang saha wacucal. Perangan busana awujud irah-irahan, kain sinjang saha caranipun ngangge sinjang menika saged nedahaken drajatipun paraga minangka ratu, sentana, saha kawula. Jinisipun motif bathik ingkang dipunpigunakaken wonten tigang jinis inggih menika motif parang, motif poleng, saha motif kawung. Makna simbolis motif bathik parang inggih menikakeseimbangan saha nyasmitakaken wataking ratu, panguwasa, tuwin satriya Ingkang gadhah kekiyatan tuwin piwulang tumrap sedaya tiyang supados anggenipun gesang tansah migunani tumraping asanes. Makna simbolis motif poleng ngemot werdi nepsuning manungsa (amarah, aluamah, mutmainah, supiah). Dene werdinipun corak kawung menika minangka simbol keblat papat lima pancer, sedulur papat lima pancer (lampahipun manungsa wiwit lair dumugining pejah), saha mengku werdi kawula.
Item Type: | Thesis (S1) |
---|---|
Uncontrolled Keywords: | makna simbolis, motif bathik, pagelaran sendratari ramayana |
Subjects: | Bahasa dan Sastra > Bahasa dan Sastra Inggris |
Divisions: | Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah |
Depositing User: | Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS |
Date Deposited: | 16 Apr 2015 03:13 |
Last Modified: | 29 Jan 2019 21:11 |
URI: | http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/16733 |
Actions (login required)
![]() |
View Item |