UPACARA TRADHISI MERTI BUMI TUNGGUL ARUM ING DHUSUN TUNGGUL ARUM DESA WONOKERTO KECAMATAN TURI KABUPATEN SLEMAN (KAJIAN FOLKLOR, TATACARA, MAKNA SIMBOLIK SAHA PAEDAH)

Amalia, Ana Muslimati (2015) UPACARA TRADHISI MERTI BUMI TUNGGUL ARUM ING DHUSUN TUNGGUL ARUM DESA WONOKERTO KECAMATAN TURI KABUPATEN SLEMAN (KAJIAN FOLKLOR, TATACARA, MAKNA SIMBOLIK SAHA PAEDAH). S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Ana Muslimati A 10205244055.pdf

Download (7MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken mula bukanipun upacara tradisi merti bumi Tunggul Arum, tatacara, makna simbolik sesaji wonten ing upacara tradisi merti bumi saha ngandharaken paedahipun upacara merti bumi Tunggul Arum kangge masyarakat. Panaliten menika migunakaken metode panaliten deskriptif kualitatif. Caranipun ngempalaken data wonten ing saklebetipun panaliten menika migunakaken wawancara mendalam, observasi saha dokumentasi. Pirantining panaliten inggih menika panaliti piyambak ingkang kabiyantu mawi kamera foto, handycam, voice recorder, saha piranti kangge nyerat. Caranipun nganalisis data ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten inggih menika teknik analisis induktif. Caranipun ngesahaken data menika ngginakaken triangulasi sumber, saha triangulasi metode. Asiling panaliten menika nedahaken bilih: (1) mula bukanipun upacara tradhisi merti bumi menika dipunwiwiti nalika taun 1961 saben wulan sapar. Sakderengipun taun 1961 menika nama dhusunipun taksih Tunggul Wulung,ingkang dunungipun wonten ing sisih kilen lepen Bedhog, ananging wiwit taun 1961 dhusunipin dipunpidhah wonten ing sisih wetan lepen Bedhog, amargi menawi redi merapi menika erupsi, dhusuniupun boten wonten jalur evakuasi kangge warga, wiwit saking menika, namanipun dados dhusun Tunggul Arum. (2) lampahan upacara tradhisi merti bumi menika kaperang dados tigang tahap, inggih menika: (a) gotong royong bersih dhusun (b) pengaosan khoul Kyai Wulung arum. (c) kirab merti bumi Tunggul Arum. (3) makna simbolik sesaji ingkang dipunginakaken ing saklebetipun upacara tradhisi Merti Bumi menika minangka raos sukur ing Ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos awit sampun paring kanugrahan dhumateng warga masyarakat. Sesaji ingkang dipundamel menika ugi kangge sarana ngemutaken dhateng leluhur utawi cikal bakalipun dhusun inggih menika Kyai Wulung Arum. (4) Paedahipun upacara Merti bumi tumraping warga masyarakat inggih menika (a) paedah ing bidang kabudayan, (b) paedah sosial, (c) paedah ekonomi, saha (d) paedah pariwisata.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: Merti Bumi, Folklor, Makna Simbolik, Tradhisi
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Budaya Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 10 Apr 2015 06:30
Last Modified: 02 Oct 2020 08:13
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/15918

Actions (login required)

View Item View Item