TINDAK TUTUR DIREKTIF ING NOVEL “KUMPULE BALUNG PISAH” ANGGITANIPUN ACHMAD SAEROZI A. M.

Wulandari, Dwi (2020) TINDAK TUTUR DIREKTIF ING NOVEL “KUMPULE BALUNG PISAH” ANGGITANIPUN ACHMAD SAEROZI A. M. S1 thesis, Fakultas Bahasa dan Seni.

[img]
Preview
Text
Skripsi Dwi Wulandari.pdf

Download (2MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika ancasipun kangge ngandharaken bab tindak tutur direktif wonten ing novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad Saerozi A. M. Perkawis ingkang kaandharaken inggih menika: jinising tindak tutur direktif ing novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad Saerozi A. M., titikan tindak tutur direktif ing novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad Saerozi A. M., saha fungsi tindak tutur direktif ing novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad Saerozi A. M. Panaliten menika kalebet jinis panaliten deskriptif. Data panaliten menika awujud tembung, frasa, klausa saha ukara ingkang ngewrat tindak tutur direktif. Sumber data ingkang ingkang dipunginakaken inggih menika novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad saerozi A. M. Caranipun ngempalaken data ing panaliten menika ngginakaken teknik maos saha nyerat. Data dipunanalisis kanthi analisis deskriptif. Validitas ingkang dipunginakaken inggih menika validitas triangulasi teori saha professional judgment. Dene, reliabilitas ingkang dipunginakaken inggih menika uji reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten menika ngandharaken jinis, titikan, saha fungsi tindak tutur direktif wonten ing novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad Saerozi A. M. Jinisipun tindak tutur direktif wonten ing novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad Saerozi A. M. wonten sekawan inggih menika: (1) tindak tutur direktif langsung literal, (2) tindak tutur direktif boten langsung literal, (3) tindak tutur direktif langsung boten literal, saha (4) tindak tutur direktif boten langsung boten literal. Titikan tindak tutur direktif wonten ing novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad Saerozi A. M. saged dipuntingali wonten ing tuturanipun, titikanipun awujud tembung, frasa, klausa, menapa ukara. Fungsinipun tindak tutur direktif wonten ing novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad Saerozi A. M. inggih menika: (1) tindak tutur direktif langsung literal ingkang fungsinipun kangge paminta, pitaken, printah, pamenging, maringi idi, saha maringi saran; (2) tindak tutur direktif boten langsung literal ingkang fungsinipun kangge pitaken saha maringi saran; (3) tindak tutur direktif langsung boten literal ingkang fungsinipun kangge paminta, printah, pamenging, maringi idi, saha maringi saran; saha (4) tindak tutur direktif boten langsung boten literal ingkang fungsinipun kangge pitaken, printah, saha maringi saran. Pamijining tembung: pragmatik, tindak tutur, direktif, novel, Kumpule, Saerozi

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: pragmatik, tindak tutur, direktif, novel, Kumpule, Saerozi
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Sastra Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 29 Dec 2020 06:04
Last Modified: 29 Dec 2020 06:04
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69298

Actions (login required)

View Item View Item