DAMEL MEDIA PASINAON BUKU CARIYOS WAYANG SAPTA KANDHA RAMAYANA KANGGE SISWA SMA KELAS X

Witdiyawati, Susi (2018) DAMEL MEDIA PASINAON BUKU CARIYOS WAYANG SAPTA KANDHA RAMAYANA KANGGE SISWA SMA KELAS X. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
1. E-Journal Susi.pdf

Download (768kB) | Preview

Abstract

Panaliten menika ancasipun wonten tiga, inggih menika: (1) ngandharaken anggenipun ndamel media pasinaon buku cariyos wayang sapta kandha Ramayana; (2) ngandharaken pambijinipun ahli materi, ahli media, saha guru mata pelajaran basa Jawi, sarta pamanggihipun siswa kangge media pasinaon buku cariyos wayang sapta kandha Ramayana; saha (3) ngandharaken pamanggihipun guru sarta siswa minangka ingkang ngginakaken media pasinaon buku cariyos wayang sapta kandha Ramayana. Panaliten menika wujudipun kalebet panaliten Research and Development (R&D). Asiling panaliten nedahaken: (1) media dipundamel kanthi gangsal tataran inggih menika: analysis, design, development, implementation saha evaluation; (2) validasi kualitas media dening dosen ahli materi pikantuk biji persentase 80%, wondene validasi dening dosen ahli media pikantuk biji persentase 84%, saha (3) pambiji media dening guru basa Jawi pikantuk biji persentase 98%, saha asiling pamanggih siswa pikantuk biji persentase 90%. Asiling panaliten menika nedahaken bilih media pasinaon buku cariyos bergambar saged kangge sarana sinau wonten pamulangan cariyos wayang. Pamijining tembung: Media Pasinaon, Buku Cariyos Bergambar, Cariyos Wayang Ramayana.

Item Type: Thesis (S1)
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Pendidikan Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Galang Prastowo
Date Deposited: 07 Oct 2020 08:52
Last Modified: 07 Oct 2020 08:52
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69230

Actions (login required)

View Item View Item