DAMEL MEDIA PASINAON BIANGLALA AKSARA MURDA KANGGE PIWULANGAN SISWA SMP KELAS VIII

Pratika, Zulistiya (2018) DAMEL MEDIA PASINAON BIANGLALA AKSARA MURDA KANGGE PIWULANGAN SISWA SMP KELAS VIII. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
SKRIPSI ZULISTIYA PRATIKA (1420524184).pdf

Download (36MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah tigang ancas. Andharan ancas panaliten inggih menika: (1) ngandharaken caranipun damel media pasinaon bianglala aksara murda, (2) ngandharaken kualitas-ipun media pasinaon bianglala aksara murda dening dosen ahli matei saha dosen ahli media, saha (3) ngandharaken pambiji guru basa Jawi tumrap media pasinaon bianglala aksara murda. Panaliten menika kalebet panaliten Research and Development (R&D). Tataran-tataran ingkang dipuntindakaken ing panaliten menika inggih: (1) Analysis (analisis), (2) Design (perancangan), saha (3) Development (pengembangan). Produk media pasinaon dipunsuwunaken validasi dhateng dosen ngantos pikantuk kualitas media ingkang sae. Salajengipun dipunsuwunaken pambiji dhateng guru. Data dipunkempalaken ngginakaken angket. Cara anggenipun nganalisis data ngginakaken analisis deskriptif. Asiling panaliten menika nedahaken bilih: (1) caranipun damel media pasinaon bianglala aksara murda wonten tigang tataran inggih menika: (a) Analysis (analisis) katindhakaken kanthi analisis kurikulum saha analisis kabetahan, (b) Design (perancangan) kathindhakaken kanthi ngempalaken referensi, damel flowchart, saha damel storyboard, saha (c) Development (pengembangan) katindhakaken kanthi damel media inggih menika damel media pasinaon bianglala aksara murda ingkang dipunjangkepi kaliyan buku saku saha validasi ingkang katindakaken dhateng dosen ahli materi, dosen ahli media, saha pambiji guru basa Jawi. (2) Asiling angket pambiji kualitas media dening dosen ahli materi pikantuk biji 95,5% saha pambiji dening dosen ahli media pikantuk biji 82,5%. (3) Asiling angket pambiji guru basa Jawi SMP N 3 Sewon tumrap media pasinaon bianglala aksara murda pikantuk biji 100%. Asiling pambiji menika nedahaken bilih media pasinaon bianglala aksara murda saged kangge media wonten pasinaonan aksara murda ingkang saged narik kawigatosanpun siswa. Pamijining tembung: Media Pas

Item Type: Thesis (S1)
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Pendidikan Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Galang Prastowo
Date Deposited: 07 Oct 2020 08:40
Last Modified: 07 Oct 2020 08:40
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69228

Actions (login required)

View Item View Item