DAMEL MEDIA SARASILAH SAHA TITIKANIPUN WAYANG PANDHAWA MAWI APLIKASI ADOBE FLASH CS 6 KANGGE SISWA SD KELAS IV

Puji Lestari, Tri (2018) DAMEL MEDIA SARASILAH SAHA TITIKANIPUN WAYANG PANDHAWA MAWI APLIKASI ADOBE FLASH CS 6 KANGGE SISWA SD KELAS IV. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
RINGKESAN SKRIPSI.pdf

Download (535kB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah tigang ancas, inggih menika kangge ngandharaken: (1) caranipun damel media sarasilah saha titikanipun wayang Pandhawa mawi aplikasi Adobe Flash CS 6 kangge siswa SD kelas IV; (2) kualitas media sarasilah saha titikanipun wayang Pandhawa mawi aplikasi Adobe Flash CS 6 kangge siswa SD kelas IV dening dosen ahli materi saha dosen ahli media; saha (3) pamanggihipun guru basa Jawi saha siswa kelas IV minangka pangangge media sarasilah saha titikanipun wayang Pandhawa mawi aplikasi Adobe Flash CS 6 Panaliten menika kalebet jinis panaliten Research and Development (RnD). Panaliten menika kadhapuk saking gangsal cak-cakanipun damel media inggih menika tahap: analisis; perencanaan; damel media; validasi saha uji coba; saha produk pungkasan. Asiling panaliten nedahaken bilih media menika dipundamel kanthi (1) analisis: katindakaken analisis kurikulum saha analisis kawontenan siswa; (2) perencanaan: katindakaken kanthi damel flowchart saha storyboard; (3) damel media: katindakaken kanthi damel media mawi aplikasi Adobe Flash CS 6; (4) validasi saha uji coba: katindakaken kanthi validasi dhateng dosen ahli materi, dosen ahli media, guru basa Jawi, saha uji coba dhateng siswa SD kelas IV; (5) produk pungkasan: katindakaken kanthi revisi media jumbuh kaliyan kasilipun validasi saha ujicoba ingkang sampun dipunlampahi. Validasi kualitas media dening dosen ahli materi menika pikantuk prosentase biji 84,7% ingkang kagolong sae sanget, wondene evaluasi saking dosen ahli media menika pikantuk prosentase biji 77,7% ingkang kagolong sae, saha pambiji kualitas media dening guru basa Jawi menika pikantuk prosentase biji 98% ingkang kagolong sae sanget, wondene asiling angket pamanggih siswa tumrap media menika pikantuk prosentase biji 86,8% ingkang kagolong sarujuk sanget. Asiling panaliten menika nedahaken bilih media wulangan sarasilah saha titikanipun wayang Pandhawa mawi aplikasi Adobe Flash CS 6 kangge siswa SD kelas IV saged dipunginakaken minangka sarana kangge proses piwulangan basa Jawi.

Item Type: Thesis (S1)
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Pendidikan Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Galang Prastowo
Date Deposited: 07 Oct 2020 08:37
Last Modified: 07 Oct 2020 08:37
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69227

Actions (login required)

View Item View Item