PANGANGGENING BASA JAWI DIALEK BANYUMAS WONTEN ING FILM SANG PENARI

Asih, Wening Trisna (2013) PANGANGGENING BASA JAWI DIALEK BANYUMAS WONTEN ING FILM SANG PENARI. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Wening Tresna Asih 09205241034.pdf

Download (39MB) | Preview

Abstract

Panaliten Panganggening Basa Jawi Dialek Banyumas wonten ing film Sang Penari menika gadhah ancas kangge ngandharaken wujud dialek Banyumas wonten ing film Sang Penari. Wujud dialekipun dipunandharaken saking aspek fonologis saha morfologis. Panaliten menika ngginakaken metode deskriptif. Data panaliten awujud tembung, frasa saha ukara basa Jawi Dialek Banyumas ingkang dipunginakaken minangka sarana wawanrembag para paraga wonten ing film Sang Penari. Sumbering data wonten ing panaliten inggih menika film Sang Penari. Data dipunkempalaken kanthi teknik simak saha teknik cathet. Data dipunanalisis kanthi teknik analisis deskriptif. Cara kangge manggihaken validitas data kanthi triangulasi teori saha expert judgment dene cara manggihaken reliabilitas data kanthi reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten gayut kaliyan wujud dialek Banyumas wonten film Sang Penari dipunandharaken saking aspek fonologis saha aspek morfologis. Wujud dialek Banyumas aspek fonologis ingkang dipunpanggihaken inggih menika bab anggenipun nglesanaken fonem vokal saha konsonan. Ing bab fonem vokal kapanggihaken fonem /a/ ing wanda menga dipunlesanaken [a], fonem /a/ ingkang mujudaken wanda sepisanan dipunlesanaken [a], fonem /i/ ing wanda sigeg dipunlesanaken [i] saha fonem /u/ ing wanda sigeg dipunlesanaken [u]. ing bab fonem konsonan kapanggihaken fonem /k/ ing wanda pungkasan dipunlesanaken [k], tambahing fonem /h/ ing pungkasan wanda sarta tambahing lafal /?/ ing pungkasan wanda menga. Dene wujud dialek Banyumas aspek morfologis ingkang dipunpanggihaken inggih menika wujud mononorfemis saha polimorfemis. Wujud monomorfemis kapanggihaken tembung lingga ingkang awujud tembung aran, tembung panggandheng, tembung panguwuh, tembung kaanan, tembung katrangan, tembung ancer-ancer, saha tembung sesulih. Wujud polimorfemis ingkang kapanggihaken inggih menika tembung andhahan ingkang pikantuk ater-ater {tek-}, wuwuhan sesarengan tan rumaket {n-na}, wuwuhan sesarengan tan rumaket {tek-i}, wuwuhan sesarengan tan rumaket {tek-na}, wuwuhan sesarengan tan rumaket {di-na} saha panambang {–na}. Sarta kapanggihaken tembung rangkep awujud tembung rangkep dwilingga saha dwilingga mawa wuwuhan.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: basa jawi dialek banyumas, film sang penari
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 19 Aug 2015 04:21
Last Modified: 02 Oct 2020 08:34
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25199

Actions (login required)

View Item View Item