UKARA REFLEKSIF ING RUBRIK CERBUNG “PAK GURU” KALAWARTI DJAKA LODANG

Andriani, Erika Wahyu (2013) UKARA REFLEKSIF ING RUBRIK CERBUNG “PAK GURU” KALAWARTI DJAKA LODANG. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Erika Wahyu Andriani 09205244007.pdf

Download (3MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken ukara refleksif ing rubrik cerbung “Pak Guru” kalawarti Djaka Lodang. Ukara refleksif ingkang dipuntliti gayutipun kaliyan titikanipun saha peran semantisipun. Panaliten menika mujudaken panaliten deskriptif inggih menika ngandharaken ukara refleksif ing rubrik cerbung “Pak Guru” kalawarti Djaka Lodang. Data panaliten menika awujud ukara saha konteks ukaranipun, sumbering data ngginakaken kalawarti Djaka Lodang inggih menika perangan rubrik cerbung “Pak Guru”. Caranipun ngempalaken data inggih menika kanthi teknik maos saha nyerat. Pirantining panaliten inggih menika tabel analisis data ingkang dipunbiyantu kaliyan kertu data. Caranipun nganalisis data inggih menika kanthi cara deskriptif ingkang gadhah sakawan lampahan inggih menika identifikasi, tabulasi, reduksi, saha inferensi. Caranipun ngesahaken data kanthi cara validitas saha reliabilitas data, validitas ingkang dipunginakaken inggih menika validitas semantis wondene reliabilitas ingkang dipunginakaken inggih menika reliabilitas intrarater saha reliabilitas interrater. Asiling panaliten menika ngandharaken titikan saha peran semantis saking ukara refleksif ing rubrik cerbung “Pak Guru” kalawarti Djaka Lodang. Titikanipun ukara refleksif inggih menika awujud struktur ukaranipun ingkang maneka werni, limrahipun awujud J-W, J-W-K, saha J-W-Gg, ananging ing panaliten menika struktur ukaranipun wonten ugi ingkang wiyar. Menawi dipuntingali saking wujudipun wasesa ingkang dipunginakaken, ing panaliten menika kapanggihaken sakawan wujud, inggih menika awujud tembung lingga, tembung andhahan, tembung rangkep, saha tembung camboran. Panambang –ake, -an, saha –i ing tembung lingga saged dados titikanipun ukara refleksif ananging gumantung saking tembung lingganipun. Tembung lingga kasebat kedah wonten sambet raketipun kaliyan jejer. Lesan, geganep, saha katrangan ingkang wonten sambet raketipun kaliyan jejer ugi saged dados titikanipun ukara refleksif. Peran semantis saking ukara refleksif menika kaperang dados tiga, inggih menika peran paraga-panandhang, paraga-penikmat, saha paraga-pangangge. Peran semantis kasebat dipunpangaribawani dening titikan saha konteksipun ukara refleksif.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: ukara refleksif, cerbung pak guru, djaka lodang
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 18 Aug 2015 11:09
Last Modified: 02 Oct 2020 08:18
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25109

Actions (login required)

View Item View Item