SIPATING PARAGA ING CERBUNG REMBULAN WUNGU ANGGITNIPUN ARDHINI PANGASTUTI BN WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODHANG TAUN 2011 (TINJAUAN PSIKOLOGI SASTRA )

Gunawan, Eko Kurnia Budi (2013) SIPATING PARAGA ING CERBUNG REMBULAN WUNGU ANGGITNIPUN ARDHINI PANGASTUTI BN WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODHANG TAUN 2011 (TINJAUAN PSIKOLOGI SASTRA ). S1 thesis, u.

[img]
Preview
Text
Eko Kurnia Budi Gunawan 09205241018.pdf

Download (3MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken wujud sipating paraga saha konflik psikis ingkang dipunlampahi dening para paraganipun wonten ing cerbung Rembulan Wungu anggitanipun Ardhini Pangastuti BN. Sipating paraga inggih menika sipat ingkang dipungadhah paraga kangge nggambaraken wujud manungsa utawa fabel ingkang ngemot unggah-ungguh saha tindak-tanduk amargi nglampahi prastawa wonten ing salebetipun cariyos. Dene konflik psikis inggih menika samubarang ingkang gadhah sipat ingkang boten ngremenaken para paraganipun ingkang boten saged milih prastawa ingkang dipunlampahi wonten ing salebetipun cariyos. Subjek panaliten, inggih menika cerbung Rembulan Wungu ingkang kaandharaken mawi basa Jawa. Panaliten menika ngrembag babagan wujud sipating paraga saha konflik psikis ingkang dipunlampahi dening para paraganipun. Wonten ing panaliten menika Data dipunkempalaken mawi cara maos saha nyerat. Piranti wonten ing panaliten menika awujud kertu analisis dhata. Dhata ingkang sampun kapanggihaken lajeng dipunanalisis mawi cara analisis deskriptif. Caranipun ngesahaken dhata wonten ing panaliten menika mawi validitas semantik saha reliabilitas intrarater. Asiling panaliten nedahaken bilih panaliti menika manggihaken (1) wujud sipating paraga wonten ing cerbung Rembulan Wungu menika wonten tigang struktur kapribadhen inggih menika sipat ingkang kalebet id (sipat polos, pados kepuasan, gampang putus asa, saha gampang kenging pengaruh, sipat ingkang kalebet ego (sipat gemati, ngawigatosaken, tresna saha pendhirian ingkang kiyat, sipat ingkang kalebet super ego (sipat ngakeni kalepatan, sareh, wicaksana saha netepi janji. (2) wujud konflik psikis ingkang dipunlampahi dening para paraganipun wonten ing cerbung Rembulan Wungu menika wonten tigang struktur kapribadhen inggih menika ingkang kalebet id (konflik psikis ingkang wujudipun raos emosi, cuwa saha binggung), ingkang kalebet ego (konflik psikis ingkang wujudipun raos iba saha kuwatos) ingkang kelebet super ego (konflik psikis ingkang wujudipun raos nyesel saha nemtokaken pilihan.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: sipating paraga, cebung rembulan wungu, djaka lodang
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Sastra Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 18 Aug 2015 11:03
Last Modified: 19 Oct 2020 06:53
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25108

Actions (login required)

View Item View Item