PIWULANG BUDI PEKERTI ING KEMPALAN CARIYOS TJAMPOER BAWOER DENING DARMAWIYATA

Cahyono, Ady (2014) PIWULANG BUDI PEKERTI ING KEMPALAN CARIYOS TJAMPOER BAWOER DENING DARMAWIYATA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Ady Cahyono 09205244054.pdf

Download (2MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken piwulang budi pekerti ingkang wonten ing kempalan cariyos Tjampoer Bawoer. Data ingkang dipunginakaken ing panaliten menika saking kempalan cariyos Tjampoer Bawoer dening Darmawiyata. Ing kempalan cariyos Tjampoer Bawoer menika tansah ngewrat piwulang mapinten-pinten cacahipun. Cara ngempalaken data menika kanthi maos langkung rumiyin cariyosipun lajeng pados tembung saha ukara ingkang gegayutan kaliyan bab budi pekerti kanthi dipuncathet. Salajengipun data dipunrembag kanthi nggatosaken titikan anggenipun ngrembag saha dipunandharaken kanthi deskriptif. Keabsahan data menika ngginakaken reliabilitas intrarater ingkang ateges cara maos saha nliti menika kanthi dipunambali kaping kathah. Salajengipun dipunrembug malih kaliyan dosen saha kanca ingkang mangertos bab piwulang budi pekerti. Asiling panalitenipun inggih menika: 1) piwulang budi pekerti ingkang ngandharaken gayutipun paraga kaliyan Gusti Allah. Piwulang ingkang dipunpanggihaken menika wonten 4, inggih menika pasrah, narima, ikhlas, saha jujur.; 2) piwulang budi pekerti ingkang ngandharaken gayutipun paraga kaliyan dhiri pribadi. Piwulang ingkang dipunpanggihaken menika wonten 19, inggih menika kendel, seneng, eling, narima, mituhu marang pangandikanipun tiyang sepuh, tanggel jawab, sabar, ngangsu kawruh, prinsip / teguh, cerdas, tumindak kawiwiti niat ingkang sae, amanah, ikhlas, budidaya, wicaksana, jujur, tumindak boten pareng remen ngresula, tumindak boten pareng kawiwiti niat ingkang boten sae, saha tumindak boten pareng sembrana.; ingkang pungkasan 3) piwulang budi pekerti ingkang ngandharaken gayutipun paraga kaliyan paraga sanesipun. Piwulang ingkang dipunpanggihaken menika wonten 23, inggih menika tresna kaliyan sesami, tetulung, tresna marang anak, bekti marang tiyang sepuh, bekti marang pimpinan, musawarah, tanggel jawab, tresna marang kanca, tresna marang garwanipun, tresna marang rakyat, tresna marang tiyang sepuh, amanah / tepat janji, wicaksana, ngajeni tiyang sanes, sabar, jujur, seneng, tumindak kedah tetulung, tumindak boten pareng gumedhe, tumindak boten pareng cethil, tumindak boten pareng nyolong, tumindak boten pareng ngapusi, saha tumindak kedah wicaksana.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: budi pekerti, cariyos tjampoer bawoer
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Pendidikan Jawa
Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Sastra Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 11 Aug 2015 15:59
Last Modified: 19 Oct 2020 05:15
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/24792

Actions (login required)

View Item View Item