KAMUS ELEKTRONIK BASA JAWI KANGGE SISWA SMP MINANGKA SUMBER ALTERNATIF PASINAON BASA JAWI

Insani, Nur Hanifah (2014) KAMUS ELEKTRONIK BASA JAWI KANGGE SISWA SMP MINANGKA SUMBER ALTERNATIF PASINAON BASA JAWI. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Nur Hanifah Insani 10205241063.PDF

Download (26MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika kangge ngandharaken tata cara mujudaken kamus elektronik basa Jawi ingkang dipundamel ngginakaken software Microsoft Visual Basic 6.0 kanthi kualitas sae. Kejawi saking menika, produk media ingkang dipundamel ugi saged dados sumber alternatif pasinaon basa Jawi. Metode panaliten ingkang dipunginakaken inggih menika metode Research and Development (R&D) kanthi model prosedural. Wonten sekawan tahapan ingkang dipunlampahi kangge damel produk media pasinaon, inggih menika (1) tahap observasi; (2) tahap damel rantamaning panaliten; (3) tahap damel produk; (4) tahap pambijining produk. Cara ngempalaken data wonten ing panaliten menika ngginakaken angket. Cara nganalisis data kanthi analisis deskriptif. Asiling panaliten menika arupi software kamus elektronik basa Jawi kangge siswa SMP ingkang dipunginakaken mawi komputer. Kejawi saking menika, panaliten menika ugi ngasilaken data kualitas media pasinaon kamus elektronik basa Jawi kanthi asil kados mekaten; (1) asil pambijining produk dening dosen ahli materi kaping pungkasan pikantuk rata-rata prosentase 95,38% ingkang kalebet kategori sae sanget; (2) asil pambijining produk dening dosen ahli media kaping pungkasan pikantuk rata-rata prosentase 90,77% ingkang kalebet kategori sae sanget; (3) asil pambijinipun guru basa Jawi SMP pikantuk rata-rata prosentase 100% ingkang kalebet kategori sae sanget; (4) asil pamanggihipun siswa pikantuk rata-rata prosentase pasarujukan 86,76% ingkang kalebet kategori sarujuk sanget dhateng media pasinaon ingkang dipundamel. Adhedhasar pambijining produk dening dosen ahli materi, dosen ahli media, guru basa Jawi SMP, saha angket pamanggihipun siswa, rata-rata prosentase sedayanipun inggih menika 93,23% ingkang kalebet kategori sae sanget. Prosentase menika nedahaken bilih software kamus elektronik basa Jawi menika layak dipunginakaken minangka sumber alternatif pasinaon basa Jawi.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: kamus elektronik basa jawi, sumber alternatif pasinaon basa jawi
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 11 Aug 2015 11:15
Last Modified: 30 Jan 2019 01:47
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/24754

Actions (login required)

View Item View Item