STRUKTURALISME GENETIK NOVEL JEMINI ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA

Amenity, Ryco Vendy (2014) STRUKTURALISME GENETIK NOVEL JEMINI ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Ryco Vendy Amenity 09205244036.pdf

Download (2MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken pandangan dunia Suparto Brata wonten salebeting novel Jemini. Wedharan pandangan dunia dipuntindakaken kangge mangertosi asal lairipun reriptan novel. Pandangan dunia saged dipunmangertosi saking gayutan antawisipun fakta cerita novel Jemini kaliyan latar belakang sosial panganggit, saha latar belakang sosial ingkang kagambaraken wonten salebeting novel Jemini. Sumber data panaliten inggih menika novel Jemini anggitanipun Suparto Brata. Cara ngempalaken data ingkang dipunginakaken kanthi maos-nyerat saha studi kapustakan. Pirantining panaliten ngginakaken kertu data kangge mbiyantu panaliti anggenipun ngempalaken data. Analisis data mawi model dialektik. Validitas ingkang dipunginakaken inggih menika validitas semantis, wondene reliabilitasipun ngginakaken reliabilitas intrarater saha interrater. Asiling panaliten, saha pirembagan ngandharaken bilih: 1) Paraga wonten ing novel Jemini inggih menika Jemini, Emak, Wagiman, Ngadinem, Siti, Urip, Radian, saha Piet Coertszoon. Latar wekdal antawisipun warsa 1836-1950. Latar papan wonten ing tlatah Surabaya, Betawi, saha Batujajar. Latar sosial nedahaken kawontenan tiyang pribumi dados serdhadhu kumpeni, nikah peksan, pergundikan ing tangsi, saha pasiksan dhateng munci utawi nyai. Alur wonten ing novel Jemini ngginakaken alur progresif, inggih menika alur ingkang nedahaken satunggaling prakawis nyebabaken prakawis sanesipun. 2) Latar belakang sosial ingkang kagambaraken wonten ing novel Jemini inggih menika kasangsaraning gesang rikala warsa 1836-1950 nalika lairipun tentara kerajaan Hindhia-Belandha ingkang gadhah nama KNIL (Koninklijke Nederlands Indische Leger). 3) Asal lairipun reriptan novel saged dipunmangertosi saking pandangan dunia panganggit. Suparto Brata ngripta fakta sejarah wonten salebeting novel Jemini. Prastawa sejarah menika dipunginakaken kangge mbangun kawontenan kasunyatanipun, ingkang salajengipun dipungambaraken mawi fakta cerita. Prastawa-prastawa sejarah wonten ing novel Jemini inggih menika kawontenan sosial rikala lairipun tentara KNIL antawisipun warsa 1836-1950, perekrutan serdhadhu kumpeni, nikah peksan antawisipun pegawai kumpeni kaliyan wanita pribumi, budaya pergundikan ing jaman Hindhia-Belandha, saha pasiksan dhateng munci utawi nyai. Gegayutan kaliyan prastawa kasebut, Suparto Brata nedahaken gagasannipun antawisipun inggih menika sikap ing tradhisi nikah peksan, kapeksa kedah pasrah nampi pasiksan, saha sabar ngadhepi pacobaning gesang. Pandangan dunia Suparto Brata kasebut tuwuh saking kawontenan sosial rikala bangsa Indonesia dipunjajah Walandi.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: strukturalisme genetik, novel jemini
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Sastra Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 05 May 2015 03:45
Last Modified: 02 Oct 2020 08:16
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18152

Actions (login required)

View Item View Item