BASA PROKEM KAWULA MUDHA ING DESA TUKINGGEDONG KABUPATEN KEBUMEN

Priyanto, Heri (2015) BASA PROKEM KAWULA MUDHA ING DESA TUKINGGEDONG KABUPATEN KEBUMEN. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Heri Priyanto 09205244065.pdf

Download (3MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika ngandharaken basa prokem ingkang kaginakaken dening kawula mudha ing Desa Tukinggedong Kabupaten Kebumen. Bab ingkang karembag inggih menika pandhapuking tembung prokem, bedanipun prokem kawula mudha pria kaliyan wanita, saha fungsinipun basa prokem salebeting pawicantenan. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Subjek wonten ing panaliten menika para kawula mudha ingkang wonten ing Desa Tukinggedong Kabupaten Kebumen. Objek panaliten menika inggih menika pandhapuking, bedanipun basa prokem pria saha wanita, saha fungsi basa prokem. Data dipunkempalaken kanthi cara simak bebas libat cakap, simak libat cakap, cara rekam, saha cara nyathet. Anggenipun ngempalaken data dipunwiwiti wulan September 2014 dumugi titik kapanggihaken jenuh data. Cara ngudhari data inggih menika kanthi nganalisis awal ingkang kalajengaken nganalisis lanjutan. Caranipun uji validitas data ngginakaken triangulasi teori saha pamanggihipun para ahli, lajeng kangge uji reliabilitas data ngginakaken reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten gayut kaliyan pandhapuking basa prokem ingkang kaginakaken dening kawula mudha pria inggih menika 1) singkatan, 2) metatesis, 3) mujudaken makna enggal, 4) nyingidaken setunggal utawi langkung wandanipun. Basa prokem ingkang kaginakaken dening kawula mudha wanita gayut kaliyan pandhapuking inggih menika 1) muwuhi vokal (u) saha –in, 2) nggantos konsonan tartamtu mawi konsonan (f), 3) nggantos vokalipun mawi vokal sanes. Basa prokem ingkang kaginakaken dening kawula mudha pria saha wanita ing Desa Tukinggedong Kabupaten Kebumen gayut kaliyan fungsinipun inggih menika 1) nyingidaken satunggaling perkawis, 2) ndadosaken langkung akrab, 3) ndadosaken lucu, 4) nedahaken solah bawa saha pangraosaning manah, 5) ngalusaken tembung ingkang kaanggep kasar supados langkung alus, saha 6) ngandharaken panyaruwe.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: basa prokem, fungsi prokem, pandhapuking prokem
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 16 Apr 2015 03:19
Last Modified: 24 Sep 2020 04:13
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/16736

Actions (login required)

View Item View Item