Afifah, Kuni (2015) RELASI PARAGA SIRTU MEKARNDALU KALIYAN PARAGA JALER WONTEN ING NOVEL NONA SEKRETARIS ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA (PANALITEN FEMINISME). S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.
|
Text
Kuni Afifah 10205241035.pdf Download (24MB) | Preview |
Abstract
Ancasing panaliten menika kangge ngrembag babagan relasi saha ketidakadilan ingkang dipunlampahi paragatama Sirtu. Panaliten menika ngandharaken penokohan, wujud relasi, saha wujud ketidakadilan ingkang dipunlampahi paraga Sirtu Mekarndalu wonten ing novel Nona Sekretaris anggitanipun Suparto Brata. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif kualitatif ingkang migunakaken pendekatan feminisme. Data saking panaliten menika awujud narasi, pacelathon, saha lelampahanipun paraga. ingkang nedahaken babagan penokohan, wujud relasi, saha wujud ketidakadilan. Sumber datanipun saking novel Nona Sekretaris anggitanipun Suparto Brata. Data dipunpanggihaken kanthi teknik maos saha nyerat. Caranipun nganalisis data migunakaken teknik deskriptif, kanthi cara: (1) kategorisasi, (2) tabulasi, (3) interpretasi, saha (4) inferensi. Panaliten menika migunakaken validitas semantis, inggih menika nafsiraken data saha migunakaken reliabilitas intrarater saha interrater. Perwatakan paraga wonten ing panaliten menika kaperang dados tigang aspek, inggih menika aspek fisiologis, psikologis, saha sosiologis. Paraga Sirtu tiyang kapribaden prasaja, lugu, pangerten, boten pelit, prigel, jujur, humoris, tresna dhumateng Ugrasamsi, saha wicaksana. Ananging wonten kabribaden ingkang boten sae antawisipun, berprasangka buruk, galak, saha agresif. Paraga Pambudi, tiyang ingkang gadhah kalenggahan ananging gadhah kapribaden ala atawisipun, munafik, umuk, kurangajar, saha remen ngala-ala. Paraga Bathara, tiyang ingkang gadhah status sosial inggil njalari gadhah sifat mendominasi Sirtu, ananging gadhah kapribaden sae antawisipun pangerten, pitados saha tresan dhumateng Sirtu. Paraga Ugrasamsi, tiyang ingkang dados wakil dhirektur, gadhah kapribaden sopan, prigel, grapyak, saha gadhah prinsip. Ananging ing sawingkingipun nyidhem wadi antawisipun hidhung belang, remen ngrayu, saha ngumbar janji. Paraga Wasistandya,tiyang ingkang gadhah kalenggahan, gadhah pasuryan ingkang bagus saha gadhah kapribaden remen ngalem Sirtu, gentleman, saha pangerten. Wujud Relasi paraga Sirtu kaliyan paraga jaler inggih menika didominasi, sejajar, saha mendominasi. Saha wujud ketidakadilan ingkang dipunlampahi paraga Sirtu wonten ing relasi kaliyan paraga jaler awujud subordinasi, marginalisasi, stereotip, saha kekerasan (seksual saha verbal)
Item Type: | Thesis (S1) |
---|---|
Uncontrolled Keywords: | Relasi, Paraga, Novel Nona Sekretaris, Feminisme |
Subjects: | Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Sastra Jawa |
Divisions: | Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah |
Depositing User: | Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS |
Date Deposited: | 10 Apr 2015 06:36 |
Last Modified: | 02 Oct 2020 07:45 |
URI: | http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/15922 |
Actions (login required)
View Item |