DAMEL MEDIA NYEKAR MACAPAT GAMBUH KANTHI ADOBE FLASH CS 5 TUMRAP SISWA KELAS IV SEKOLAH DASAR

Cahyadi, Yacobus (2015) DAMEL MEDIA NYEKAR MACAPAT GAMBUH KANTHI ADOBE FLASH CS 5 TUMRAP SISWA KELAS IV SEKOLAH DASAR. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Yacobus Cahyadi 10205241061.pdf

Download (16MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge damel media pamulangan interaktif tembang macapat Gambuh ingkang dipunlebetaken wonten ing CD(Compact Disk) wonten ing mata pelajaran basa Jawi. Panaliten menika ugi ngandharaken babagan kualitas media pamulangan ingkang dipundamel, saengga layak dipunginakaken kangge sarana media sinau siswa kelas IV Sekolah Dasar kanthi mandiri. Panaliten menika kalebet jinis panaliten Research and Development (R&D) inggih menika panaliten kangge ngasilaken produk tartamtu kanthi tataran-tataran tartamtu ingkang kedah dipuntindakaken. Wonten gangsal tataran kangge ngasilaken produk inggih menika (1) tataran analisis kabetahan; (2) tataran ngrancang media; (3) tataran damel media; (4) tataran validasi saha ujicoba; (5) tataran revisi saha damel produk ingkang pungkasan. Saksampunipun damel media pamulangan awujud CD(Compact Disk) ngginakaken software Adobe Flash CS 5, produk media menika dipunvalidasi dening dosen ahli materi, dosen ahli media, saha guru basa Jawi, sarta dipunujicoba wonten ing kelas IV SD Budi Utama. Asiling validasi dipunandharaken kanthi deskriptif kangge mangertosi kualitas media pamulangan tembang macapat Gambuh. Asiling panaliten menika nedahaken bilih pambijining kualitas media adhedhasar validasi kualitas media dening dosen ahli materi pikantuk biji rata-rata 83,52% kagolong kategori “sae sanget”, validasi kualitas media dening dosen ahli media pikantuk biji rata-rata 80% kagolong kategori “sae”, pambiji dening guru basa Jawi pikantuk biji rata-rata 82% kagolong kategori “sae sanget”, sarta pamanggih saking siswa kelas IV tumrap media pamulangan tembang macapat Gambuh pikantuk biji rata-rata 87,49% kagolong kategori “sarujuk sanget”. Siswa ingkang saged nggayuh KKM wonten 80%, wondene ingkang boten saged nggayuh KKM wonten 20%. Kanthi mekaten saged dipunpendhet dudutan bilih media pamulangan tembang macapat Gambuh kanthi software Adobe Flash CS 5 tumrap siswa kelas IV Sekolah Dasar pikantuk pemanggih sae sanget saha layak minangka media pamulangan ingkang saged nggampilaken siswa anggenipun mangertosi materi tembang macapat Gambuh.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: media pamulangan, tembang macapat Gambuh, Adobe Flash CS 5
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Pendidikan Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 10 Apr 2015 06:07
Last Modified: 19 Oct 2020 05:11
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/15906

Actions (login required)

View Item View Item